Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Dhemit Tangsi Bantir

Ing sawijining wengi kang peteng lelimengan karo udan deres gludug gludag gludug, pancen wis biasane saben udan kaya mangkene desa Bantir apa maneh wengi iki angine banter banget. Wektu semono udakara taun 90-an durung ana listrik kang mlebu ing desa Bantir kaya biasane mbok Sumi nggawekake wedang kopi lan anget-anget gorengan kanggo garwane yaiku kang Tarno. Dene kang Tarno dhewe nyumet sentir kanggo padhang-padhange omah.
Karo mangan temal temil mangan gorengan lan nyawang sentir kang slundlap-sundlup, watara wis jam 10 wengi kang Tarno lan mbok Sumi kaya-kaya krungu ana wong kang ndhodok-ndhodok lawang omahe "sapa ngono wengi-wengi kok ya ana wong mertamu" omonge kang Tarno karo menyat saka lungguhe. Banjur lawang dibukak dening mbok Sumi. Jebul mandhang lawang dibukakake mbok Sumi ora ana siji-sijio banjur mbok Sumi grenengan marang kang Tarno "kok ora ana pawongan yo kang?"ketoke mau ana sing dhodok-dhodok lho. Wis wetara let 10 menitan saka anggone mbok Sumi grenengan ana swara kang dhodok lawang ing omahe meneh, lawang dibukakake dening mbok Sumi ora ana pawongan maneh. Kang Tarno banjur omong karo mbok Sumi"paling kuwi mau kae sing ndhodhok lawang ya sing nunggu wit sawo kuwi to mbok"kang Tarno ngomong karo garwane.

Watara jam 11-an kang Tarno kepikiran karo tandurane, yen udan karo angin mangkene ya tanduranku mowat-mawit ngrundele kang Tarno ing atine. Tegal kang Tarno sing ana ing sebelah barak tangsi kang rada wingit. Banjur kang Tarno omong marang mbok Sumi yen kang Tarno arep niliki tandurane. Anaing mbok Sumi ora ngolehake kang Tarno budhal, karepe mbok Sumi kang Tarno arep niliki tandurane. Ananging mbok Sumi ora ngolehake, karepe kon nang omah wae tinimbang ana kedadeyan kang ora dikarepake. Atine kang Tarno rasane ora kepenak karo tandurane sing mau esuk gek wae dirabuk nganggo rabuk kandhang. Kanthi ati kang sansaya ora kepenak kang Tarno teka budhal saka omahe arepa mbok Sumi ora ngolehake. Kang Tarno banjur njupuk manthol sing gawene saka plastik kresek, nganggo sepatu kebon lan pacul.

Saktekane kang Tarno ing Tegal kang ana ing sebelah kidul barak tangsi bantir jebule tenan yen tandurane sing gek wae dirabuki mowat mawit kaya kaya wis ora ana tanduran sing ditandur. Kang Tarno nyoba benakake tandurane kang iseh ana sisane kanthi nganggo pacul nganti tekan nggalengan. Watara wis telung menitan kang Tarno mbenakake tandurane saka kadohan kaya kaya kang Tarno lrungu swara tanpa awujud, mandang swara iku dicedhaki saya suwe saya adih swarane. Kedadeyan ora mung swara wae ananging kang Tarno uga diweruhi trinil yaiku gembung tanpa sirah, kang Tarno glagapan mandhang weruh iblis kang awujud kaya mangkono banjur ora bisa omong lan mlaku, ananging sakbanjure trinil iku wis ora ngetok maneh neng ngarepe kang Tarno. Kang Tarno banjur bisa ngomong lan mlaku amarga ilange trinil iku mau.

Sakwise kang Tarno bisa mlaku, pacul diselehake ana ing gubug sakcedhake kono. Ana ing sakcedhake gubug iku kang Tarno diweruhi noni kayo sinyo ing brenangan. Noni lan sinyo iku anak walanda kang wus mati ing panggonan cedhak barak tangsi Bantir. Kang Tarno mlayu sak cepet-cepete tumuju ing daleme pak Narno amarga keweden dewe. Pak Narno iku pawongan kang melu njaga Tangsi Bantir. Kanthi menggeh-menggeh kang Tarno ndhodok lawang daleme pak Narno, lawange banjur dibukak kang Tarno wis ora bisa ngomong apa-apa amarga saking wedine diweruhi trinil, noni lan sinyo mau.

Srengenge esuk wis katon ketok nanging kang Tarno durung tekan omah, mbok Sumi tansah kuwatir karo garwane. Ing daleme pak Narno kang Tarno banjur crita kedadeyan sewengi sing dialami, piwelinge saka pak Narno menawa lunga tanpa pangestu saka garwane iku aja nekad, lha rak kaya mangkono kedadeyane karo mesam-mesem.


Setelah kalian baca cerita pendek/cerita cekak Bahasa Jawa diatas kemudian tuliskan pesan dan kesan kalian dibawah ini?ada 5 pemenang apabila bahasa pesan dan kesannya sesuai dengan judul diatas...terimakasiiih, semangat belajar anak-anak kelas 7, 8, dan 9.


Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

160 komentar untuk "Dhemit Tangsi Bantir"

  1. Srengenge esuk wis katon ketok nanging kang Tarno durung tekan omah, mbok Sumi tansah kuwatir karo garwane. Ing daleme pak Narno kang Tarno banjur crita kedadeyan sewengi sing dialami, piwelinge saka pak Narno menawa lunga tanpa pangestu saka garwane iku aja nekad, lha rak kaya mangkono kedadeyane karo mesam-mesem.
    Ko, nganggo sepatu kebon lan pacul.
    Saktekane kang Tarno ing tegal kang ana ing sebelah kidul barak tangsi bantir jebule tenan yen tandurane sing gek wae dirabuki mowat mawit kaya kaya wis ora ana tanduran sing ditandur. Kang Tarno nyoba benakake tandurane kang iseh ana sisane kanthi nganggo pacul nganti tekan nggalengan. Kang Tarno Irungu swara tanpa awujud, mandang swara iku dicedhaki saya suwe saya adih swarane. Kedadeyan ora mung swara wae ananging kang Tarno uga diweruhi trinil yaiku gembung tanpa dsirah, kang Tarno glagapan mandhang weruh iblis kang awujud kaya mangkono banjur ora bisa omong lan mlaku, ananging sakbanjure trinil iku wis ora ngetok maneh neng ngarepe kang tarno.
    Sakwise kang Tarno bisa mlaku, pacul diselehake ana ing gubug sakcedhake kono. Ana ing sakcedhake gubug iku kang Tarno diweruhi noni kayo sinyo ing brenangan. Noni lan sinyo iku anak walanda kang wus mati ing panggonan cedhak barak tangsi Bantir. Kang Tarno mlayu sak cepet-cepete tumuju ing daleme pak Narno amarga keweden dewe. Kanthi menggeh-menggeh kang Tarno ndhodok lawang daleme pak Narno, lawange banjur dibukak kang Tarno wis ora bisa ngomong apa-apa amarga saking wedine diweruhi trinil, noni lan sinyo mau.
    Srengenge esuk wis katon ketok nanging kang Tarno durung tekan omah, mbok Sumi tansah kuwatir karo garwane. Ing daleme pak Narno kang Tarno banjur crita kedadeyan sewengi sing dialami, piwelinge saka pak Narno menawa lunga tanpa pangestu saka garwane iku aja nekad, lha rak kaya mangkono kedadeyane karo mesam-mesem.

    BalasHapus
  2. aku dadi ngerti opo iku demit

    BalasHapus
  3. critane apik , lan iso dimengerteni

    BalasHapus
  4. critone menarik, bahasane gampang dimengerteni

    BalasHapus
  5. Crita Dhemit Tangsih Bantir ngelingake marang kita supaya ati-ati nalika metu bengi. Amerga sak liyane awake dewe, ana makhluk gaib. Awake dewe kudu njaga diri.
    Ceritane Dhemit Tangsi Bantir ing duwur iju sederhana, gampang dipahami, sing maca bisa bayangke suasana ing cerita.
    Kesimpulane ing crita Demit Tangsi Bantir yaiku yen pak Tarno arep lunga, kudu entuk ijin saka bojone, ora entuk nekad.

    BalasHapus
  6. Cerita ne apik lan gampang di mengerti

    BalasHapus
  7. Ceritane menarik ,lan gampang dimengerti

    BalasHapus
  8. Cerita ne menarik lan ia

    BalasHapus
    Balasan
    1. Cerita ne menarik lan gampang di mengerti

      Hapus
  9. Critane menarik lan gampang dimengerteni

    BalasHapus
  10. Ceritane gampang di woco lan di pengerti.

    BalasHapus
  11. Ceritane apik lan gampang dimengerteni, tata cara bahasane rapi lan mudah dibaca

    BalasHapus
  12. Cerita Dhemit Tangsi Bantir ngelingake supaya ati² lan ora nekat metu bengi.Amarga Dewe Urip berdampingan karo makhluk ghaib.
    Cerita Dhemit Tangsi Bantir iku gampang di mengerti lan menarik.
    kesimpulane pak Tarno kudu entuk ijin Seko garwane ( Bu Sumi ) supoya ora terjadi kedadean seng rak di pingini

    BalasHapus
  13. Ceritane gampang di woco lan di pengerti

    BalasHapus
  14. Cerita Dhemit Tangsi Bantir ngelingake bahaya ne metu bengi amarga awak dewe kudu di jaga lan andewe urip berdampingan karo makhluk ghaib.
    Cerita Dhemit Tangsi Bantir iku gampang di mengerti lan menarik.
    Kesimpulane pak Tarno entuk ijin seko Bu sumi supaya ora kedadean seng rak pingin terjadi.

    BalasHapus
  15. alur critane apik lan ora gampang diprediksi, basane entheng saengga gampang dimangerteni. Crita iki uga ngemot pesen sing bisa ditrapake ing urip, aku seneng banget karo crita iki

    BalasHapus
  16. Ceritane apik, medheni lan gampang di mangerteni. Saka cerita neng dhuwur dewe diajari ojo sampe nekad metu neng ndi ndi tanpa pangestu wong sing ana ing omah. Saran, semisal di wenehi ilustrasi, crita bakal soyo medheni lan apik.

    BalasHapus
  17. Crita Dhemit Tangsi Bantir nduweni plot sing cetha, basa sing digunakake gampang dimangerteni. Crita iki ngemot pesan moral yaiku nalika metu saka omah, kudu njaluk ijin wong omah. Supaya ora kedadeyan sing ora dikarepake.

    BalasHapus
  18. Bahasa ne kui gampang di mangerti

    BalasHapus
  19. Cerito bagus gampang di ingat

    BalasHapus
  20. Dadi wong ojo nekat

    BalasHapus
  21. Bintang Ariel 7C11 Mei 2023 pukul 18.55

    Crita gampang dingerteni,bahasa kang digunakake jelas lan ora belibet ,isi critane apik lan pesen saka crita kang apik yaiku ojo lunga yen ora di restuni karo bojone.

    BalasHapus
  22. Crita gampang dingerteni, lan isi ceritane apik,dadi ojo nekat yen ora direstuni

    BalasHapus
  23. Nyritakake babagan Pak Tarno sing ora nggatekake omongane bojone supaya ora metu bengi. Nanging Pak Tarno ora peduli, AkibatƩ, Pak Tarno ketemu arwah lan digawa menyang donya liya. Cerita barak demit Bantir Ngelingake bebaya Ing wayah wengi amarga kita ora urip dhewe ing donya iki

    BalasHapus
  24. Crita dhemit tangsi bantir gampang dingerteni,ngemutke Ojo podho sembrana metu bengi lan kudu direstuni saka wong tuo,bojo Utawa wong sing Ning omah

    BalasHapus
  25. Crita Dhemit Tangsi Bantir iku apik lan seru. Crita iki yo gampang di mengerti lan menarik. Crita iki ngelengke ora entok e metu mbengi tanpa ijin wong seng ana ing omah.

    BalasHapus
  26. Crita Dhemit Tangsi Bantir nduweni plot sing cetha, basa sing digunakake gampang dimangerteni. Crita iki ngemot pesan moral yaiku nalika metu saka omah, kudu njaluk ijin wong omah. Supaya ora kedadeyan sing ora dikarepake

    BalasHapus
  27. Ceritane gampang di woco lan di pengerti

    BalasHapus

    BalasHapus
  28. Cerita Dhemit Tangsi Bantir,duweni cerita seng apik lan seru.Ceritane Iki yo gampang dimengerti kerono nduweni bahasa seng gampang dimengerti.

    BalasHapus
  29. ceritane gampang di pahami

    BalasHapus
  30. Cerita Iki apik lan menarik.bahasa seng dinggo gampang dipahami.

    BalasHapus
  31. Crita ne apik lan gampang dimengerti.

    BalasHapus
  32. Ceritane menarik lan gampang dimengerteni

    BalasHapus
  33. Cerita apik lan menarik.cerita Iki nganggo bahasa seng gampang dipahami

    BalasHapus
  34. Ceritane apik, menarik lan gampang dimengerti

    BalasHapus
  35. critane apik lan menarik

    BalasHapus
  36. critane apik lan bisa dimangarteni, gampang banget gawe ing mangerteni. aku ndhemeni carita iki.

    BalasHapus
  37. plot ceritane apik lan jelas, bahasane enteng dadi gampang dingerteni

    BalasHapus
  38. Ceritane apik lan gampang dimegerteni

    BalasHapus
  39. Ceritane apik lan gampang dimengerti

    BalasHapus
  40. Ceritane apik, menarik lan gampang dimerngerteni

    BalasHapus
  41. Critane apik lan gampang di mengerti.

    BalasHapus
  42. Critane apik lan gampang dingerteni

    BalasHapus
  43. Cerita apik lan menarik

    BalasHapus
  44. Cerita apik lan menarik

    BalasHapus
  45. Cerita ne apik lan menarik, aku dadi reti opo iku Demit

    BalasHapus
  46. ceritane apik, gampang di mengerti, lan aku reti opo iku demit

    BalasHapus
  47. Critane apik, menarik, gampang dimengerti, lan aku dadi reti opo iku demit

    BalasHapus
  48. critane apik, menarik, gampang dimengerti, lan aku dadi reti opo iku dhemit

    BalasHapus
  49. Goro Goro cerita dhemit Kulo dadi Reti dhemit iku opo

    BalasHapus
  50. Cerita Demit Tangsi Bantur gampang dipahami,alur ceritane apik,saka cerita ing dhuwur Malika metu saka omah kudu njaluk ijin wong sing Ono ing omah ngelingake bebaya ing wayah wengi

    BalasHapus
  51. Muhammad Yowlan Dwi Saputra/ 7G13 Mei 2023 pukul 02.17

    Ing sawijining wengi kang peteng lelimengan karo udan deres gludag gludug, pancen wis biasane saben udan kaya mangkene desa Bantir apa maneh wengi iki angine banter banget. Watara wis jam 10 wengi kang Tarno lan mbok Sumi kaya-kaya krungu ana wong kang ndhodok-ndhodok lawang omahe. Jebul mandhang lawang dibukakake mbok Sumi ora ana siji-sijio.
    Watara jam 11-an kang Tarno kepikiran karo tandurane, yen udan karo angin mangkene ya tanduranku mowat-mawit ngrundele kang Tarno ing atine. Banjur kang Tarno arep niliki tandurane. Ananging mbok Sumi ora ngolehake, karepe kon nang omah wae tinimbang ana kedadeyan kang ora dikarepake. Atine kang Tarno rasane ora kepenak karo tandurane sing mau esuk gek wae dirabuk nganggo rabuk kandhang. Kanthi ati kang sansaya ora kepenak kang Tarno teka budhal saka omahe arepa mbok Sumi ora ngolehake.
    Saktekane kang Tarno ing Tegal kang ana ing sebelah kidul barak tangsi bantir jebule tenan yen tandurane sing gek wae dirabuki mowat mawit kaya kaya wis ora ana tanduran sing ditandur. Kang Tarno nyoba benakake tandurane kang iseh ana sisane kanthi nganggo pacul nganti tekan nggalengan. Banjur kang Tarno krungu swara tanpa awujud. Kedadeyan ora mung swara wae ananging kang Tarno uga diweruhi trinil yaiku gembung tanpa sirah, kang Tarno glagapan mandhang weruh iblis kang awujud kaya mangkono banjur ora bisa omong lan mlaku.
    Sakwise kang Tarno bisa mlaku, pacul diselehake ana ing gubug sakcedhake kono. Banjur kang Tarno diweruhi noni kayo sinyo ing brenangan. Kang Tarno mlayu sak cepet-cepete tumuju ing daleme pak Narno amarga keweden dewe.
    Srengenge esuk wis katon ketok nanging kang Tarno durung tekan omah, mbok Sumi tansah kuwatir karo garwane. Ing daleme pak Narno kang Tarno banjur crita kedadeyan sewengi, piwelinge saka pak Narno menawa lunga tanpa pangestu saka garwane iku aja nekad, lha rak kaya mangkono kedadeyane karo mesam-mesem.

    BalasHapus
  52. Ceritane apik, lan gampang dingerteni

    BalasHapus
  53. ceritane apik,lan gampang dimengerteni

    BalasHapus
  54. Ceritane apik gampang d pahami..bahasane y Ceto sip pokok menšŸ‘

    BalasHapus
  55. Cerita Dhemit Tangsi Bantir, nge i kesan kang medheni. Cerita iki apik lan gampang dimangerteni, tata cara bahasane runtut lan gampang diwaca.

    BalasHapus
  56. jam 10 wengi kang Tarno lan mbok Sumi kaya-kaya krungu ana wong kang ndhodok-ndhodok lawang omahe "sapa ngono wengi-wengi kok ya ana wong mertamu" omonge kang Tarno karo menyat saka lungguhe. Banjur lawang dibukak dening mbok Sumi. Jebul mandhang lawang dibukakake mbok Sumi ora ana siji-sijio banjur mbok Sumi grenengan marang kang Tarno "kok ora ana pawongan yo kang?"ketoke mau ana sing dhodok-dhodok lho.

    BalasHapus
  57. Ceritane apik lan gampang dimengerti,baguss pokok e

    BalasHapus
  58. critane apik lan uga aku mung ngerti yen ana memedi sing jenenge trinil

    BalasHapus
  59. Ceritane apik lan menarik

    BalasHapus
  60. Ridho Aji Alvaro/7F14 Mei 2023 pukul 02.16

    ceritane apik lan menarik amrga nalika aku uga wedi

    BalasHapus
  61. Ceritane apik lan gampang dimengerteni,pesan e nk ora direstui rasah nekat penak manut mboten resiko

    BalasHapus
  62. Ceritane apik lan gampang dimengerti. Saka cerita Dhemit Tangsi Bantir awak Dewe diajari supaya Ojo nekat mentu bengi amarga awak Dewe Urip berdampingan Karo makhluk ghaib

    BalasHapus
  63. crita iki banget inspirasi lan gampang dingerteni

    BalasHapus
  64. Ceritane apik lan bahasane gampang dingerteni

    BalasHapus
  65. critane apik lan gampang di mengerti

    BalasHapus
  66. Ceritane apik , seru , kan gampang di mengerti

    BalasHapus
  67. Critane apik lan menarik

    BalasHapus
  68. Ceritane apik lan menarik

    BalasHapus
  69. Cerita ne apik menarik lan gampang di mengerti

    BalasHapus
  70. Ceritane apik lan menarik

    BalasHapus
  71. Cerita ne apik, menarik, lan bahasa ne gampang di mengerti

    BalasHapus
  72. Aku dadi reti opo kwi demit

    BalasHapus
  73. ceritanya bagus dan dapat dimengerti

    BalasHapus
  74. Ceritanya bagus dan sangat mudah dimengerti

    BalasHapus
  75. ceritane apik, seru lan mudah dimangerteni

    BalasHapus
  76. Brilian Fernando Herdinanta6 Mei 2024 pukul 17.22

    Cerita mudah di baca dan dipahami

    BalasHapus
  77. M Ilyas raditha6 Mei 2024 pukul 17.23

    Ceritane menarik ,lan gampang dimengerti

    BalasHapus
  78. Critane apik, seru, lan gampang dimengertine

    BalasHapus
  79. pesan:
    crita cekak kasebut menehi piwulang supaya kita kudu manut lan ngajeni pituture wong liya.
    kesan:
    crita iki nyenengake lan medeni amarga nggambarake swasana wengi sing peteng, udan deres, lan kedadeyan gaib kanthi cetha.

    BalasHapus


  80. Pesen
    Kita kudu ngurmati papan-papan bersejarah lan tansah ndedonga menawi liwat panggonan sing dianggep angker.

    Kesan
    Critane medeni tur gawe merinding. Dadi ngelingake yen saben papan ana sing mbaurekso

    BalasHapus
  81. critane apik,lan bisa di mengerti.dadi reti apa itu demit

    BalasHapus
  82. alure apik lan critane gampang dipahami

    BalasHapus
  83. Kesan:
    Sakwise maca crita "Dhemit Tangsi Bantir" iki, aku dadi merinding dhewe. Suasanane peteng, udan, angin, ditambah penampakan trinil, noni lan sinyo marakke critane kerasa nyata. Ceritane alon nanging medeni. Aku dadi ngerti nek Tangsi Bantir kuwi pancen ana cerita mistise. Alur critane runtut lan basa sing digunakake gampang dipahami.

    Pesen:
    1. Aja nekad lunga bengi-bengi nang panggonan sing angker, luwih-luwih yen ora oleh idin saka wong omah. Kayak Kang Tarno, akhire malah apes.
    2. Crita rakyat kaya ngene iki apik kanggo ngelingake awake dhewe supaya tansah eling, waspada, lan ndedonga marang Gusti Allah nang endi wae.

    BalasHapus
  84. ceritane mudah di mangerteni lan Ojo metu bengi yen ora di entukake

    BalasHapus
  85. pesan :
    pentingnya restu keluarga : ojo njanakake rembug utawa nekat budhal yen ora diolehi bojo utawa wong tuwa, restu saka wong sing ditresnani asring dadi 'payung' keslametan ing dalan
    aja ngumbar nekat : sanadyan tanggung jawab marang gawean (tanduran) iku penting, nanging kudu tetep nggatekake kahanan lan wektu, lungo ing panggonan wingit tengah wengi nalika udan deres iku mbebayani, ora mung merga lelembut nanging uga merga kahanan alam

    kesan :
    suasana sing ngerindhingake : cerita iki kasil nggambarake swasana desa taun 90-an sinh isih peteng lan sepi, saengga maca critane wae wis krasa hawa sing wingit lan medeni
    gambaran budaya lokal :crita iki nampilake kahanan urip wong desa sing prasaja (nganggo sentir lan manthol kresek) nanging kebak misteri sing dadi bagean saka kepercayan masyarakat setempat

    kls 8

    BalasHapus
  86. kesan:cerito iki nggegerisi nanging seru,gambarake kahanan wong ndeso jaman mbien sing iseh wingit lan durung ono listrik
    pesan: kudu ngerungokake pitutur e utawa pangestu ne garwo utawa wong tuo

    BalasHapus
  87. Kesan:
    Crita “Dhemit Tangsi Bantir” menehi rasa tegang amarga latar critane ana ing desa peteng lan cedhak tangsi wingit. Panganggone basa Jawa uga nggawe crita luwih urip lan gampang mbayangake kedadeyane.

    Pesen:
    Saka crita iki kita bisa njupuk piwulang supaya aja sembrana lan kudu ngrungokake pituture wong liya, utamane kulawarga. Kajaba kuwi, yen arep tumindak kudu dipikir kanthi becik supaya ora kedadeyan perkara sing ora dikarepake.

    BalasHapus
  88. Saksampunipun maos crita “Dhemit Tangsi Bantir”, kula ngraos critanipun nyenengaken lan rada nyeramaken. Pesenipun, kita kedah tansah ngati-ati lan tansah ndedonga dhateng Gusti Allah.

    BalasHapus
  89. gambarake kahanan wong ndeso jaman mbien sing iseh wingit lan durung ono listrik kudu ngerungokake pitutur e utawa pangestu ne garwo utawa wong tuo

    BalasHapus
  90. Kawula sampun maos ipun crita Dhemit Tangsi Bantir crita Niki asik banget Utawa nyenengke kan Iso Utawa gampang di mengerti tapi ana kesan horor.saking crita ngih ngambarke wong jaman mbiyen sing iseh sepi minim penerangan udan .
    Pesan ipun kudu mirengaken pitutur saking para wong tua lan kudu donga marang Gusti

    BalasHapus
  91. Pesan lan kesan saya yaiku aja nekad lunga tanpa pangestu saka anggota keluarga atau yen wis dipringati ojo nekad, opo neh yen ke kuburan behh mengerikan

    BalasHapus
  92. Kesan lan pesen saka crita “Dhemit Tangsi Bantir” yaiku ceritane serem lan nggawe penasaran, nanging uga menehi piwulang supaya tansah ngati-ati, ora sembrana, njaga sopan santun, lan tetep percaya marang Gusti Allah nalika ana ing papan sing wingit utawa durung dikenal.

    BalasHapus
  93. kesan = cerita ne apik, seru lan gampang di pahami.
    pesan = seko crito kui andewe iso sinau.ojo nekat nek wegah keno sial, manut marang omongan e keluarga, nek pancen ora oleh ra usah budal

    BalasHapus
  94. kesan pesan = crita iki menarik lan gampang dingerteni, piwulang sing bisa dijupuk yaiku njaluk ijin sadurunge metu saka omah, aja lali ndedonga supaya oleh berkah lan njaluk slamet nalika arep lunga lan mulih.

    BalasHapus
  95. ceritane apik, seru, mudah dimengerti. Crita Dhemit Tangsih Bantir ngelingake marang kita supaya ati-ati nalika metu bengi.

    BalasHapus
  96. kesan:critane apik, menarik, lan gampang dingerteni
    pesan:kudu ati ati naliko arep lungo bengi bengi

    BalasHapus
  97. ceritane apik menarik lan gampang dimengerti

    BalasHapus
  98. cerita nya bagus dan mudah di pahami

    BalasHapus
  99. Kesan lan pesan= Crita iki apik lan gampang dimengerteni, uga menehi piwulang supaya tansah ngati ati naliko arep lungo

    BalasHapus
  100. Pesan:
    Aja lunga tanpa pamit lan restu
    Kesan:
    Medeni, serem lan mencekam

    BalasHapus
  101. Kesan : Crita “Dhemit Tangsi Bantir” iki nyenengake lan nggawe rasa tegang amarga suasanane peteng, udan deres, lan kedadeyan aneh sing dialami Kang Tarno. Panganggone basa Jawa uga nggawe crita luwih urip lan krasa nyata. Nalika maca, aku dadi penasaran karo kedadeyan sabanjure lan rumangsa kaya melu ana ing panggonan kasebut.

    Pesan : Saka crita iki bisa dijupuk piwulang supaya wong kudu ngati-ati lan ora sembrana, apamaneh yen lunga wengi tanpa dipikir dhisik. Kajaba iku, kita uga kudu ngrungokake pitutur lan pangestune pasangan utawa wong tuwa supaya ora kedadeyan perkara sing ora dikarepake. Crita iki uga ngajari supaya tansah ndedonga lan waspada nalika ana ing panggonan sing wingit.

    BalasHapus
  102. Kesan: Crita "Dhemit Tangsi Bantir" iki nggawe tegang, rasa medeni, lan mencekam saka udan deres, suasane sing peteng, lan kedadeyan sing ora lumrah sing dialami Kang Tarno.

    Pesan: Crita iki, menehi kita pesen supaya kita aja nganti lunga tanpa pamitan karo wong sing kita kenal. Crita iki ngilingake kita supaya pamitan dhisik karo wong sing kita kenal supaya bisa mulih kanthi slamet tanpa alangan apa-apa.

    BalasHapus
  103. Kesan

    Mencekam: Suasana barak militer tua peninggalan Belanda gawe nuansa horor klasik seng kuat lan nyata.

    Mistis & Historis: Ceritone sukses madukke unsur sejarah jaman ndisek karo kepercayaan lokal.

    Pesan

    Jaga Etika: Neng ndi wae opo maneh nng nggon seng dianggep keramat utowo bersejarah, kudu jaga sikap dan tutur kata utawi unggah-ungguh.

    Saling Menghormati: Manungsa kudu menghormati anane makhluk lain lan sejarah seng melekat ing sawijining panggon supaya terhindar seko hal-hal kang ora dipingini.

    BalasHapus
  104. Kesan:

    Tulisan ini sangat menarik dan informatif. Penulis berhasil membawa suasana mistis sekaligus historis dari Tangsi Bantir dengan sangat hidup. Membaca narasinya membuat saya seolah-olah ikut merasakan aura dingin dan misterius dari bangunan tua peninggalan zaman kolonial tersebut. Penjelasan mengenai latar belakang tempatnya juga sangat menambah wawasan tentang sisi lain dari Sumowono.

    Pesan:

    Semoga kedepannya penulis terus mengeksplorasi tempat-tempat bersejarah lainnya seperti ini, yang memiliki nilai urban legend lokal seperti ini. Cerita seperti inilah yang sangat penting di ea sekarang agar sejarah bangunan tua tidak terlupakan, meskipun dibalut dengan unsur mistis namun hal itu lah yang menarik minat pembaca.

    BalasHapus
  105. kesan:
    crita kasebut seru lan nggawe rasa tegang amarga suasanane peteng, udan deres, lan ana kedadeyan mistis. alur critane uga gampang dipahami lan nggawe sing maca penasaran nganti pungkasan.

    pesan:
    aja nekad tumindak yen wis dielingake wong liya, luwih-luwih saka wong sing cedhak kaya pasangan. kudu luwih ngati-ati lan mikir risiko sadurunge lunga utawa tumindak, apamaneh ing wektu lan panggonan sing mbebayani.

    BalasHapus
  106. Yen dadi ojo gampang nekad

    BalasHapus
    Balasan
    1. Yen dadi wong aja gampang nekad

      Hapus
  107. critane apik, gampang di mangerteni.

    BalasHapus
  108. Kesan :
    Kesan saking kulo, crita ing dhuwur apik lan nggawe ati ngerasa deg - degan. Cerita e sampun apik.

    Pesan :
    Pesan sing iso di pundut saking crita kasebut yaiku, dewe dadi wong kudu ati - ati lan ngrungoake pitutur saking wong liyo, soale apes kuwi ora ono seng reti.

    BalasHapus
  109. Kesan :
    Crita “Dhemit Tangsi Bantir” menehi suasana sing medeni lan nggawe penasaran amarga kedadeyane ana ing panggonan sepi lan dianggep angker. Panganggone basa Jawa sing alami uga ndadekake crita luwih nyenengake kanggo diwaca lan gampang dipahami.
    Pesan :
    Saka crita kasebut, kita diajari supaya tansah ngati-ati nalika tumindak lan ora ngremehake nasihat saka wong tuwa utawa wong sakupenge. Saliyane kuwi, saben keputusan kudu dipikir luwih dhisik supaya ora nuwuhake penyesalan ing tembe mburi.

    BalasHapus
  110. Kesan: Crita “Dhemit Tangsi Bantir” nyenengake lan nggawe rasa penasaran amarga ceritane medeni lan alur critane gampang dimangerteni.
    Pesen: saka crita ning nduwur andewe diajari yen arep lunga luwih becik pamit lan njaluk pangestu marang keluarga lan aja tumindak sembrono, kudu ngati-ati nalika metu wengi supaya tansah slamet

    BalasHapus
  111. Kesan: crita "Dhemit Tangsah Bantir" nduweni suasana mistis sing nggawe penasaran lan merinding, critane krasa nyata nggawe sing maca ngerasake kahanan ning kono,critane gampang dimengerti.

    pesan: saka crita ing nduwur awake dhewe diajari Ning panggonan opo wae kudu ati-ati lan kudu sopan Ojo tumindak sing sembrono ben iso slamet.

    BalasHapus
  112. "Kesan kula sasampunipun maos crita niki ngrasa wedi amarga swasana Tangsi Bantir sing wingit banget. Pesen sing bisa dijupuk yaiku awake dhewe kudu manut karo omongane kulawarga utawa bojo, lan aja nekad lunga ing papan sing angker wengi-wengi supaya ora nemu kedadeyan sing ala kaya Kang Tarno."

    BalasHapus
  113. Ing ngandhap menika Pesen lan Kesan saking kula saksampunipun maos cariyos kasebut:

    Pesen
    - Pangestunipun Garwa: Cariyos menika nggenahaken bilih donga lan pangestunipun kulawarga (utamane garwa/bojo) menika wigati sanget. Menawi Kang Tarno manut dhawuhipun Mbok Sumi supados mboten tindak, mesthinipun mboten badhe nemahi kedadeyan ingkang medeni kados makaten.

    - Aja Nekad: Kita mboten angsal nengenaken nepsu utawi bandha (tanduran) tinimbang keslametan dhiri, utamane menawi kahanan mboten nggatukake (udan deres, angin, lan wengi).

    - Unggah-ungguh marang Alam: Ing papan ingkang pancen "wingit", kita kedah langkung ngatos-atos lan mboten sembrono.

    Kesan
    - Swasana kang "Urip": Panggambaran swasana desa Bantir taun 90-an nalika udan deres lan kahanan peteng lelimengan keraos sanget "atmosfer-e". Maos cariyos menika ndadekake kita melu ngrasakake lungguh ing sandhinge sentir.

    - Misteri ingkang Nyata: Unsur-unsur kados swara dhodok lawang, hantu trinil (gembung tanpa sirah), sarta paraga noni lan sinyo Walanda nambah kandel nuansa mistis khas tanah Jawa, utamane ing papan sejarah kados barak tangsi.

    - Basa ingkang Prasaja: Critanipun gampil dipunpahami nanging tetep saged mbangun rasa kuwatir lan wedi (suspense) saking wiwitan dumugi pungkasan.

    BalasHapus
  114. Kesan: Crita iki pancen nengsemake lan rada medeni. Awake dhewe bisa ngrasakake kahanan wengi sing peteng dhedhet, udan angin, lan swasana desa jaman mbiyen sing isih sepi. Perjuangan Kang Tarno sing temen ngopeni tandurane ing tegalan senajan kahanane medeni nuduhake yen dadi wong tani iku kurbanane gedhe banget

    Pesan :Crita iki ngelingake awake dhewe supaya tansah eling marang Gusti lan ngati-ati ing endi wae panggonane, merga jagad iki ora mung isine manungsa wae.

    BalasHapus
  115. pesane, yen arep lunga luwih becik pamit lan ngrungokake omongane wong omah. kesane critane rada medeni lan nggawe penasaran wektu kang tarno ketemu makhluk aneh ing tegal.

    BalasHapus
  116. Kesan: crita iki gawe aku wedi lan penasaran,crita iki isih iso dinikmati amarga alure gampang dipahami.

    Pesan: ngelingake supaya awak dewe luwih ngati-ati ing ngendi wae panggonane.

    BalasHapus
  117. Kesan:
    Kesan saking kulo saka crita iki yaiku ceritane serem lan nggawe penasaran, awake dhewe bisa dadi ngrasakke kahanan wengi sing peteng ndedhet lan bisa ngerasakke swasana desa jaman mbiyen seng isih suwung utawa sepi

    Pesan:
    Ngelingake supaya isih eling marang Gusti, ora sembrono lan rumangsa ngati-ati neng endi wae panggonane, njaga sopan santun,
    lan tetep percaya marang Gusti nalika ing jagad iki dewe urip ora mung isine manungsa wae ana ing papan sing wingit utawa durung dikenal.

    BalasHapus
  118. kesan saking cerita kasebut yaiku
    Crita kasebut pancen nengsemake banget lan ngandhut akeh piwulang luhur. Nalika maca, kita kaya-kaya bisa ngrasakake dhewe kahanan lan swasana sing ana ing njero crita kasebut.
    ​Saliyane kuwi, crita iki uga bisa nambah kawruh babagan sawijining dhaerah lan nggambarake kepriye kahanan urip nalika jaman 90-an biyen.

    lan pesan saking cerita kasebut yaiku Wonten sawetara piwulang becik ing crita kasebut, kayata kita ora kena tumindak sakarepe dhewe, kudu tansah ngati-ati, sarta aja nekat utawa meksa kekarepan nalika nindakake samubarang supaya ora kedadeyan babagan sing ora dikarepake.

    BalasHapus
  119. Ceritane menarik pol, ana piweling kang becik saking crita iku, cocok kanggo kelestarian basa jawašŸ‘šŸ»

    BalasHapus
  120. kesan : crita iki nggawe aku ngrasa wedi lan penasaran.

    pesan : manungsa tansah ngati-ati lan ora gampang nganggep sepele marang panggonan sing dianggep wingit utawa nduweni sejarah tartamtu.

    BalasHapus
  121. Crita Dhemit Tangsi Bantir menehi kesan sing menarik lan uga medeni amarga nyritakake kedadeyan misteri kanthi suasana tegang. Panggambaran kahanan wengi, udan deres, lan panggonan sing sepi nggawe crita krasa luwih urip lan nyata. Saka crita iki, bisa dijupuk pesen supaya kita tansah waspada lan ora sembrono, luwih-luwih nalika ana ing panggonan sing sepi utawa wingit. Kajaba iku, crita iki uga ngelingake supaya ora tumindak dhewe tanpa mikir resiko lan luwih becik ngrungokake pitutur wong liya demi keamanan.

    BalasHapus
  122. Kesan:crita ne medeni nanging menarik lan crita Iki gampang di mangerteni

    Pesan:kudu ngati-ati nalika metu wengi supaya selamet

    BalasHapus
  123. Ceritane serem,menarik,lan gampang di mangerteni

    BalasHapus
  124. Cerito ne gampil sanget dipunmangertosi saha gampil sanget dipunsinau

    BalasHapus
  125. pesan : kudu ati ati naliko arep meh lunggo benggi
    kesan : crito iki sanget mencekam lan serem

    BalasHapus
  126. kesan:crito iki gawe kulo penasaran, wedi lan tertarik.
    pesan:nek arep lungo ki luwih becik pamit lan ngilingke supaya dewe ati ati neng di wae ben Slamet.

    BalasHapus
  127. critane menarik lan bahasane gampang dimengerti

    BalasHapus
  128. Kita kudu ngurmati papan-papan bersejarah lan tansah ndedonga menawi liwat panggonan sing dianggep angker.

    Kesan
    Critane medeni tur gawe merinding. Dadi ngelingake yen saben papan ana sing mbaurekso

    BalasHapus
  129. Kesan :
    Cariyos menika sae sanget amarga saged nggambarake swasana wingit lan peteng ing desa Bantir taun 90-an kanthi cetha, saengga sing maca kaya-kaya melu ngrasakake wedine Kang Tarno nalika udan deres. Unsur mistis kaya swara sing ndhodhok lawang misterius, memedi trinil gembung tanpa sirah, lan penampakan noni-sinyo Walanda ing cedhak barak tangsi ndamel crita iki krasa serem lan nengsemake

    Pesan:
    Pesan utawi piwulang luhur ingkang saged dipunpundhut nggih punika kita mboten pareng nekat lan kedah ngrungokake pitutur utawi donga pangestune garwa sadurunge budhal kesah. Keslametan dhiri iku luwih utama tinimbang nengenake urusan bandha dunya (tanduran), lan kita uga kedah nggadhahi rasa kurmat sarta ngati-ati yen nglangkahi papan sing pancen wis misuwur wingit.

    BalasHapus
  130. Pesen:
    Crita “Dhemit Tangsi Bantir” ngajari supaya aja nekat metu bengi yen ora penting, lan kudu ngrungokake pituture wong omah. Pak Tarno ora nuruti omongane Mbok Sumi, mula dheweke ngalami kedadeyan sing medeni. Crita iki uga ngelingake supaya tansah ngati-ati lan njaga sopan santun nalika ana ing panggonan wingit.

    Kesan:
    Critane menarik lan medeni, nggawe sing maca dadi penasaran nganti pungkasan. Basa sing digunakake gampang dimangerteni lan alur critane cetha, mula crita iki enak diwaca lan menehi piwulang apik kanggo sing maca.

    BalasHapus
  131. Pesan seko crita kasebut:
    •Aja nekat lunga ing panggonan angker mbengi mbengi.
    •Ngelingke manungsa supaya waspada, lan dedungo marang gusti ing ngendi wae panggonane.

    Kesan sakwise maca crita kasebut:
    Crita kasebut nyenengake lan lucu amarga nggunakake crita dhemit kanggo nyindir tingkah manungsa.Basa sing digunakake gampang dipahami. Critane nggawe pamaca luwih sadar supaya tumindak kanthi becik.

    BalasHapus
  132. critane apik, medeni, gampang dimengerti lan menarik

    BalasHapus
  133. Kesan soko crita: Critane seru lan nggawe penasaran, dadi ngerti sejarah mbaluri misterine Tangsi Bantir.

    ​Pesen soko crita: Sing penting ing ngendi wae awake dhewe dolan, kudu tetep njaga sopan santun lan ora entuk sembrono.

    BalasHapus
  134. šŸ“Œ Kesan
    Crita iki kasil mujudake swasana horor, panganggone basa Jawa lan nyebutake makhluk alus tradisional kaya trinil nuduhake kearifan lokal lan nglestarekake crita, latar panggonan ing cedhak Tangsi Bantir menehi kesan sejarah sing kuwat, saengga sing maca bisa mbayangake sisa-sisa tinggalan jaman kolonial sing asring wingit.

    šŸ“Œ Pesan
    Crita iki paring piweling supaya kita tansah njaga subasita (sopan santun), donga, lan ora sembrono yen liwat utawa manggon ing papan sing duwe sejarah utawa dianggep angker.

    BalasHapus
  135. Critane apik lan suasanane kerasa,pesanne minta Pangestu nek meh pergi

    BalasHapus
  136. critane apik, bahasane jelas lan gampang dimangerteni

    BalasHapus
  137. alur cerita apik, lan gampang di mangerteni

    BalasHapus
  138. crita “Dhemit Tangsi Bantir” iki nyenengake lan nggawe rasa penasaran amarga alur critane medeni nanging uga menarik, basa Jawa sing digunakake gampang dimangerteni lan nggawe suasana crita dadi luwih nyata

    BalasHapus
  139. alur ceritane apik lah seru, gampang di pahami

    BalasHapus
  140. critane apik, bahasane jelas lan gampang dimangerteni

    Devara 8g

    BalasHapus
  141. crita ne apik lan gampang di pahami

    BalasHapus
  142. Crita apik lan gampang dipahami amarga bahasa sing di kanggo jelas lan mudah di maca

    BalasHapus
  143. Critaipun saƩ sanget, saged mbeta swasana ingkang medeni lan nggawe merinding.
    Saking crita menika, kita dipun-emutaken supados tansah njaga tata krama, sopan santun, lan mboten sembrono nalika wonten ing papan panggona anyar utawi papan ingkang nggadhahi nilai sejarah (singit).

    BalasHapus
  144. Pesen: Crita iki ngelingake supaya kita ati-ati lan ora metu bengi yen ora perlu, amarga ora mung manungsa sing ana ing njaba.

    Kesan: Critane medeni nanging prasaja lan gampang dimangerteni, suasanane peteng lan mencekam banget.

    BalasHapus
  145. Raditya Fahmi 8F17 Mei 2026 pukul 21.02

    critane medeni lan nengsemake,cariyos Iki nggadah swasana mistis ingkang latar mburi nipun,awujud bangunan tilaran jama walondo ingkang sepi lan medheni,cariyos nuduhake menowo papan sing suwe ora di nggoni Utawa duwe sejarah,mesti gowo energi mistis sing kenthel

    pesane yaiku,kudu njaga Toto kromo lan perilaku ana Ning ing papan sakral Utawa angker

    BalasHapus
  146. Aku kesengsem karo crita iki merga seru lan nggawe tegang. Pesen sing isa dijupuk saka crita iki menurutku kudu ati-ati nek lagi dhewean, sapa ngerti ana dhemit neng sekitare kita.

    BalasHapus
  147. Kesan
    Cerita ini berhasil membangun suasana mistis khas pedesaan tahun 90-an yang sangat kuat. Perpaduan antara malam yang gelap gulita, hujan badai, penerangan lampu sentir, dan teror ketukan pintu misterius sukses membuat pembaca merasa merinding sekaligus penasaran dengan nasib Kang Tarno selanjutnya di tegalan yang wingit.
    Pesan
    Hargai firasat orang terdekat: Larangan Mbok Sumi dan kejadian aneh ketukan pintu sebenarnya adalah peringatan agar tidak keluar rumah demi keselamatan.
    Tanggung jawab yang tinggi: Kegigihan Kang Tarno menunjukkan totalitas seorang petani dalam merawat sumber penghidupannya, bahkan di tengah ancaman bahaya dan kondisi alam yang buruk.

    BalasHapus
  148. ceritane seram lan nggawe penasaran, apamaneh bagian pas kang Tarno ketemu trinil karo noni sinyo kuwi, suasanane kerasa peteng lan wingit dadi kaya nyata tenan. saka cerkak iki aku uga ngerti yen wong kudu luwih ati-ati lan aja nekad, luwih-luwih nek wis diweling wong omah luwih becik dirungokke supaya ora kedadeyan perkara sing ora dikarepake.

    BalasHapus
  149. critane menarik lan gampang dingerteni, alure uga nggawe penasaran nganti akhir. suasana horror lan mistise kerasa banget, dadi sing maca isa kebayang kedadeyane. pesan saka crita iki yaiku aja terlalu wani utawa sembrana, lan kudu luwih nuruti pitutur wong liya demi keamanan awake dhewe.

    BalasHapus
  150. saka cariyos kasebut pesene yo iku senajan tiyang sepuh utawi tiyang seng caket, gemati, kaleh kito mboten maringi pangestu kudu dituruti mboten pareng dilawan, sopo ngertos niku dados pengetan saking gusti supoyo kito selamet polah sak polahe. lan kesane, kito seng maos cariyos meniko saget ngerasakake lan nggambarake swasana kang medeni ngantos marai ndredheg

    BalasHapus
  151. crita iki medeni lan gawe mernding , keren lan ceritane mudah dipahami. alur ceritane menarik

    BalasHapus
  152. critane apikk banget, suasanane horor lan mencekam, alur critane menarikk dadi kepingin maca kanthi akhir, pesen saking crita punika yaiku awake dewe ojo sembrana, kudu ngati ati lan tansah waspada, amarga ing dunya punika boten manungsa thok, crita niki ngajari awakdhewe ati ati karo keselamatan awak dewhe

    BalasHapus
  153. Kesan:
    Cerita “Dhemit Tangsi Bantir” nyenengake lan nggawe penasaran amarga suasanane medeni lan misterius. Alur critane seru, mula sing maca kaya melu ngrasakake ketegangan ing crita kasebut.

    Pesan:
    Pesen sing bisa dijupuk saka crita iki yaiku awake dhewe kudu tansah ngati-ati, ora oleh sombong, lan kudu ngajeni papan sing dianggep nduweni sejarah utawa unsur mistis. Kajaba kuwi, kita uga kudu wani lan tetep mikir tenang nalika ngadhepi rasa wedi.

    BalasHapus
  154. kesan: tulisan kaya ngono kuwi bisa dadi jembatan kanggo generasi mudha supaya mangertosi sisi liya sing ana ing dhaerah kasebut, ora mung crita serem biasa, nanging ana unsur sejarahe.

    pesan: pesen sing paling utama yaiku kita kudu nggadhahi rasa hormat nalika nemoni ing papan sing nggadhahi nilai sejarah, ora pareng sembrono.

    BalasHapus
  155. ceritane apik lan gampang dipahami

    BalasHapus