GEGURITAN
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Para murid-murid kelas IX dina iki materi bab Geguritan, monggo bareng-bareng di waca kanthi teliti materi geguritan ing ngisor iki, sakwise maca materi lan tuladha geguritan para murid gawe geguritan kanthi tema "tresna marang kaendahan alam"
A. Geguritan
Ukara "geguritan" ing kamus Baoesastra jawi (1939) saking ukara gurit lan guritan. Gurit tegede "tulisan" utawa "kidung" menawa guritan yaiku tembang (uran-uran) mung awujud purwakanthi. Ana ing Kamus Umum Indonesia (2006) saking balai pustaka nerangake geguritan iku saka tembung gurit, kang nduweni teges sajak utawa syair uga kasebut puisi jawa.
B. Maca Endah Geguritan
Sadurunge maca geguritan prelu nggatekake perangan pokok maca geguritan, yaiku bab wirama, wirasa, lan wiraga sarta klebu nyukupi wawasan babagan kasusastran.
Wirama nalika maca geguritan iku ngenani sora lan lirihe swara mendat mentule wirama (intonasi), lan banter uga alone maca sarta pamedhoting tembung lan ukara.
Wirasa iku nelakake rasa, kepriye pamaos mengko bisa nelakake rasa suka, sedhih, nelangsa, nggresula, lan sapiturute.
Wiraga iku nuduhake carane pamaos ngobahake sarira ndunungake karepe gurit kanthi patrap tartamtu.
C. Nulis Geguritan
Geguritan iku klebu golongane sastra edi cengkok anyar, wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora kecancang ing paugeran gatra, wilangan dhong dhing tinamtu.
Paugerane kanggo nulis geguritan yaiku ing ngisor iki:
1. Geguritan iku puisi jawa bebas.
2. Tetembungan ora kudu nggunakake tembung jawa kuna.
3. Pamilihing tembung diupaya kang mentes.
4. Wujude mawa larik/gatra. Kumpulaning larik/gatra dadi sapada.
5. Saben sagurit dumadi saka sapada utawa luwih.
6. Kena kanggo purwakanthi lan lelewaning basa.
D. Tuladha Nulis Geguritan
BIYUNGKU
Dening : Jibril Ramadhana Sutan N
Kelas : 9B/2024 SMP Negeri 3 ungaran
Biyungku asring ngendika
Nalika dheweke namung wanodya biyasa
Nangis lan ngguyu
Gumuyu kanthi bungah
Biyungku uga asring ngendika
Menawa putraku mung bocah biyasa
Kang maringi carita kauripan
Kanthi rupa warna-warni
Kanthi urip bebarengan biyung lan adhiku
Ngranjut jagad pangimpen
Ora bakal bisa tanpa donga biyung
Ora bakal bisa tak lewati urip iki
Tanpa restu saka biyungku
Mlaku mesthi niti dina
Janjiku marang biyung sing tak tresna
Ing sawijining dina embuh iku kapan
Janjiku bakal maringke urip kang miguna.
E. Tuladha maca geguritan dening Muh. Mirza 9C/2024



Nada Azka 9D
BalasHapusAlam Kang Dijaga
Alam iku anugrah saking Gusti
Alam sing endah lan asri
Kudu ndewe jaga lan tresnani
Ojo ndewe rusak lan larani
Anugrah saking Gusti
Kang perlu kita sedaya jagani
Tanduran sing ijo royo-royo
Kang bermanfaat marang kita sedaya
Pemandangan sing enak disawang
Endah lan asri, nanging
Isih ana sing rusak alam tanah Iki
Hutan gundul...
Akeh kewan sing terancam punah
Kewajiban e ndewe gawe lestariake
Njagani, lan tresnani alam Indonesia Iki
Ojo sampe rusak lan ilang saking donyo Iki.
Matur nuwun mb Nada
HapusDeisya 9C
BalasHapusPacitan Kutha Endah
Pacitan Endah tanpa banding
semilir angin ing segara pacitan
ombakmu nyanyi lirih
kaendahanmu dadi seksi bisu Tresna alam
aku Tresna marang kutha Pacitan
marang segara LAN alas
angin semilir ing Pacitan gawe tentrem
ngresiki pikiran
mugi-mugi kaendahanmu
tetep lestari dadi seksi tresnane wong-wong marang alam
Pacitan kutha Endah
tetep aja ing ati.
citra/07/9C
BalasHapusHawa Kang Ana Ing Desa
Esuk susunan ing desa Srowol
Srengenge kang madangi desa
Gunung gumubyaring ijo ngresepake rasa
Sawah-sawah nambahin suasana kang ayem
Banyu mili ning kalo praga,
Sing iso nglatarake rasa syukur,
Gunung Merbabu ngadepin njaga jagad,
Desa Srowol ing kutho Magelang dadi kanca sajroning rasa,
Aku seneng nyawang kutho Magelang,
Sawah-sawah kang madhangi desa Srowol,
Aja nganti rusak amarga ulah manungsa sing salah,
Bakal tak jaga kaendahan alam iki supaya tetep lestari.
Fadhil 9c
BalasHapusKeindahan alam ing deso sapen
Esok sumunar ing deso Sapen srenenge sumunar ing bukit suakul.embon enbun Podo nenplek neng godong godong LAN wit-witan
Angine Podo similer Podo nyebol wiwitan,nage suasana seng adem mabok-manokpodo Muni gawe atine ayem
Kaline Mili tanpa kedatan,iwak iwak Podo muncol ing permukaan Podo golek mangan neng pinggir kali
Suasana ing deso Sapen marai atine ayem lan seneng
Sakwijine niku iku peparingan Gusti kang maha kuasa
nama kulo Zeefa, saking kelas 9C
BalasHapusKaendahan Alam kang dadi Tresnaku
Ing puncak mripat, katon sumunar
Surya muncul saka walike gunung
Nguggah kembang-kembang sing isih padha turu
Angin sumilir nggawa lunga kembang
Nyusup ing antarane godhong kang ijo
Banyu ing kali mili bening, nggawa kasegeran mripat
kayu dene pangarep-arep ora tau pedhot
Tresnaku marang alam dudu mung karangan
Nanging bakal tak jaga kanthi tulus ing ati
Aja nganti rusak, aja nganti sirna
Supaya anak putu isih bisa ngrasakake surga ing jagat iki
Syarifa 9c
BalasHapusGunung Kang Endah
Angin njalari perih tekan balung,
Kaya dene mlaku tanpa daging.
Mungkin ana swara godhong sing pating krisik,
Ing sela -selaning sepi .
Langkahku krasa Abot ,nanging mripat Iki orang bisa leren mandeg,
Gumun marang endahmu sing biru ing cakrawala .
Nanging aku sadar ,aku mung sakleru lebu ing jagat iki,
Rumangasa cilik ing sangarepe raksasa sing abadi.
Matur nuwun wis kersa kanca marani tatu atiku,
Aku janji bakal njaga slirahmu,
Kanggo anak putu ing mbesuk Mulyo,
Senajan akeh alam liyane,atiku tetep mung kanggo slirahmu.
nama: Naufal Dzakii Rafael
BalasHapuskelas:9c
geguritan kaendahan alam sawah
Esok-esok hawane tentrem lan ayem,
langit Endah warna biru tanpa cela
awan putih ngalangi alon,
sawah bentang amba kebak pari,
ngrembujung kaya samudro ijo.
angin guyu ngemoni bumi
manuk seng ayu mabur tanpa kendhat
alam Iki paringane gusti
mulo kudu kita jogo berbarengan.
ooh... Gusti
ciptaanmu ga ono seng ala menipun
ga ono seng iso luput saka keindahane
matur nuwun Gusti marang ciptaanmu niki.
Tresnaku Marang Curug Lawe
BalasHapusdening : Fadliy Amar Ghani IX E
Curug kang nylempit ing tengah gumuk
banyune mili deres kang ora kecemoh
ijo-ijo isih ngebaki dalan arep nang curug
kaendahane kaya lukisan asli saka alam
ndadekake pikiranku wening kaya banyu.
Swara grojokan kang kumruyuk
nglegakake ati kang kebak
kewan-kewan kanthi nywara
nambahake swasana nentremake ati.
Sang bayu kang ngipasi awak
nggawe pengin terus nang curug
ayo padha njaga lan ngrawat alam
Supaya bisa terus nikmati kaendahan alam iki.
Ungaran, 2 April 2026
Tresnaku Marang Spega Ungaran
BalasHapusdening : Shifa Nur Aini
Dina-dina sekolah ning kene
Ngrasakake kaendahan kang tentrem
Wit-wit an rindhang lan subur
Ndadekna ati seger lan ayem.
Nalika ngaso teka
Kabeh bocah-bocah moro kantin
Anggone golek jajan
Swasana kuwi sing gawe ati tumrap seneng.
Sesawangan kang endah iso didelok
Ketok wukir kang padhang jembrang
Sang bayu banter sumilir
Ndadekake awak seneng iso ngrasakake hawa iki.
Ungaran, 2 April 2026
dening: Shifa Nur Aini/ IX E
HapusKaendahan Alam saking Gusti
BalasHapusDening : Naufal Ismu Putra 9E
Katon ijo royo-royo alam iki
Wit-witan kang rindhang padha ngadeg
Alam sing endah iki
Ndadekna atiku ayem lan tentrem
Hawa kang gawe adhem
Swara manuk saut sautan
Sang bayu banter sumrisik ngrasuk ati
Ndadekna pikiran lesu dadi bungrah
Alam kang kudu dilestarikake
Lan dijaga kaendahane
Syukur marang Gusti
Sing nggawe bumi iki
Ungaran, 2 April 2026
Kampungku Kang Endah
BalasHapusdening : Muhammad Naufal Azhari
Senenge mripat iki ndelok alam sing endah
wit-wit sing duwur padha ngadeg jejeg
miline banyu kali garang kang gumrising
ndadekake atiku adem ayem.
Cit cit cuit kang endah
swarane manuk sing mabur
sang bayu banter kang ngrasuk ing ati
ndadekake awak sing lara dadi bungah.
Hawane seger lan adem
nggawe seneng urip ing kampung
ayo pada jaga alam kang endah iki
ndadekake rasa matur nuwun marang Gusti.
Ungaran, 2 April 2026
Kahanan Lingkunganku
BalasHapusdening : Moammar Arsya Wardhana
Pandelengan donya iki katon alam sing endah
Tanduran kang rindhang padha ngadeg
Swara banyu kolam kidul omah gumrising
Ndadekna ati supaya ayem lan tentrem
Swara kewan sing kemricik
Katone jagongan kaliyan kahanane
Udan rintik kang sumrisik nggawe ngrasuk ati
Nggaweake pikiran lesu dadi bungah
Hawane adem ayem lan seger
Nggawe kita krasan ing lingkungane dewe
Wujud matur nuwun marang Gusti Allah SWT
Amarga wis nyiptake lingkungan kang endah iki
Ungaran, 2 April 2026
Swasana Ing Desa
BalasHapusdening : Rafa Fadhiil Akmal Yafi IX E
Swasana alam ing desa
rasa ngantuk isuk iki
hawa adem dadi siji
ngawali kabeh pagawean.
Ijo royo tanduran lan wit-wit an
swara kemricik banyu ngalir ing sawah
ciutan manuk sing marai bungah
ndadikake dina-dina kang endah.
Swasana ayem tentrem
nggawe ngerasa ayem manggon nang kene
matur suwun paringane Gusti
Lan njaga alam di barengi rasa syukur.
Ungaran, 2 April 2026
Ngurmati Alam, Nguri-Uri Kaendahan
BalasHapusdening : Lutfiana Cahyakumala 9E
Gunung, segara, lan alas katon ijo royo-royo
nggawa ayem tumraping jiwa
banyu gemricik ing kali kena kanggo keceh
tinambah swara manuk kang podo ngoceh.
Angin semilir nyandak alus ing pipiku
nggowo tentrem tanpa janji
kembang warna warni mekar sumringah
nambah ayuning alam sing endah.
Langit biru dadi payung urip
nggugah rasa tresna ing kalbu
supaya ora rusak lan sirna
nguri uri kaendahan nganti selawase.
Ungaran, 2 April 2026
Kaendahan Rawa Pening
BalasHapusdening : Najmatul Bilqiz Yudha IX E
Ing pinggir Rawa Pening kang tentrem
banyune nglimput amba tanpa wates
angin bisik alon ing sela riak
nemokake tentrem ing sajroning jiwa
Gunung-gunung ngadeg ngubengi rawa
bayangane kacetha ing banyu bening
manuk-manuk muni merdu
nambah endahing swasana
Rawa Pening dadi pangeling urip
yen alam kudu dijaga bebarengan
supaya tetep lestari lan endah
dadi warisan kang ora ana regane
Ungaran, 2 April 2026
KAENDANHAN DESAKU
BalasHapusDening : Nabila Aprinandita 9E
Desaku kang ayem lan endah
katon ijo royo-royo sawah lan wit-witan
gunung ngadeg jejeg ing kadohan
nambah ayme lan endahing swasana desa
Srengenge esuk katon sumunar
embun netes ing pucuk godhong lan suket
swara pitik krungu lantang
nguripi swasana desa
kali mili banyune tenang
angin sumilir nyapu rai
wargane padha guyub rukun
desaku sing ayem
Ungaran, 2 April 2026
Tresnaku Marang Kutha Semarang
BalasHapusdening : Almaliya Nur Zahra Putri IXB
Soroting surya saka wetan
ndadekna katon cerah kutha Semarang
Gedung sing duwur lan gagah
gawe ati seneng lan sumringah
Tengah kota katon asri
bisa gawe nentremake ati
ndelok laut ing pinggir kutha
ati kang lara dadi tresno
Simpang Lima ing tengah kutha
dadike suasana mewah lan megah
kudu dijaga kaendahane
ojo lali ngucap syukur marang Gusti
Ungaran, 4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan SMP 3 Ungaran
BalasHapusdening : Ayu Alkautsar Rosmala Dewi/9B
Lingkungan SMP Negeri 3 Ungaran kang resik
Swasanane kang sejuk lan asri
Akeh swara kewan tengkoret ing ngendi-ngendi
Papan SMP Negeri 3 Ungaran ing lereng Wukir siwakul kang Endah disawang.
Akeh wit-witan sing gawe nentremmake ati
Taman sing Endah gawe disawang
Jambare pasren sing Ono Ning SMP Negri 03
Kelas sing resik gawe semangat Sinau.
Gazebo gawe lungguh lan leren
Karo nyawang kaindahan lingkungan SMP Negri 03
Ono 8 kantin gawe jajan pas ngaso
Ono perpustakaan bocah bisa kanggo Moco buku.
Ungaran,4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Gunung Sewakul
BalasHapusdening: jihan zahira rajzwa/9b
Kahanan Gunung Sewakul sing endah
Embun ingkang adem
Swara manuk kang saut-sautan
Gawe sumringahing ati.
Wit-witan katon rimbun
Tanduran-tanduran katon ijo royo royo
Ndelok alam kang endah
Agawe ati bungah.
Hawane ingkang adhem
Bisa nentremke ati
Alam kang kudu dilestarekake
Kudu dijaga kaendahane.
Ungaran,4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Gunung Ungaran
BalasHapusdening : Delia Faidatul Innayah/9B
Pandelengan mata ing kahanan Gunung Ungaran sing endah
Wit-witan kang rindhang padha ngadeg
Najan srengenge ing sandhuwure sirah
Nanging atiku bungah.
Munggah, sikil mlaku jumangkah
Najan menggeh-menggeh
Atiku wis kemranggeh
Rasa kesel sanalika mari.
Bukit-bukit katon ijo
Ndadekake semangating manungsa
Ndelok alam kang endah
Agawe ati kang lara dadi waras.
Ungaran, 4 April 2026
Ayem e Desoku
BalasHapusDening : M.Eki Surya Saputra /9B
Saben isuk ing Desoku jagone padha kluruk
tandha wengine wis ganti awan
tentrem ayem among tani
abang abang sumilak padhang.
Enggal budhal menyang sawah
nyawang tanduran katon Endah
rame suara kemruyuk
Katon ijo royo-royo alam ku Iki.
Swara manuk sing mabur
hawane seger lan adem ayem
angin banter kang sumrisik ngrasuk ati
murih ati tinanem rasa syukur.
Ungaran,4 April 2026
Tresno Marang Alam Kalisidi
BalasHapusDening : Andini Istiara Pramono/9B
Kalisidi hawane adem lan asri
tansah gawe tentrem ing ati
angin e kang sumilir
nyawang indah alam iki.
manuk mabur ing duwur gegana
mbisikno tresno marang alam kalisidi
tanduran kang subur lan indah
wit witan seng duwur kae.
deso kalisidi kang indah
masyarakat e apik atine
podo mbangun kalisidi asri
dadekno alam indah koyok saiki.
Ungaran, 4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Kabupaten Semarang
BalasHapusDening:Iza Maulidia Huzna/9B
Kabupaten Semarang nduweni wisata
Wisata ana ing seng peninggalan penjahan
Nanging alam ing kabupaten semarang iseh asri
Akeh wit-witan sing iseh dijaga supaya asri
Swarane kewan-kewan sing mabur
Angin banter kang sumrisik ngrasuk ati
Hawane seger lan adhem ayem
Ndadekna pikiran sing lesu dadi bungah
Mobat-mabit sang banyu kang sumilir
Nggawe krasa seneng ing kene
Makane ayo padha ngrawat kabupaten semarang
Wujud matur nuwun marang Gusti
Ungaran,4 April 2026
Tresnoku Marang Kabupaten Semarang
BalasHapusdening : Farra Dinda Khalila 9B
Kabupaten Semarang ayem tentrem
gunung ungaran ngadeg megah
katon asri lan nyenengke ati
nggawe krasan ing kabupaten semarang
Rawa pening banyune bening
gambari langit dadi biru resik
akeh iwak padha dolanan
nambah endahing alam kang asri
wargane guyub rukun bebarengan
nguri-uri budaya jawi
kabupaten semarang tansah kinurmatan
dadi papan kang gawe kangen lan bungah ati.
UNGARAN, 4 APRIL 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Desaku
BalasHapusdening: alief arsyadany/9b
Alam ing Desaku kang endah
Asri lan sejuk ing ati
Saben isuk ing desaku
manuk-manuk podo ngoceh.
Hawane saben isuk ing desaku
seger lan asri amarga ana
angin banter kang sumrisik
ngrasuki ati.
Kaendahan alam desaku
katah wit-witan ijo royo
Sawah sing asri nggawe tentrem ing ati
Nambah krasan ono ing deso kang asri.
Ungaran,4 April 2026
Tresnaku Marang Pantai Parang Tritis
BalasHapusDining : Afani Ana Ismaniar/9B
Ombak laut saya ing lemah putih
Suara keaendahan alam nyemburatke ati
Nalika angin nyapu hawa panas lan sedih
ing kono tresnaku marang pantai ra bakal ilang
Saben sak langkah ngerasake aluse lemah
Ngingatake awakku ing padang rumput sing alus
Bungah hatiku ngerasake suasana pantai
Tresna iki marang pantai bakal terus njalari
Hawa panas lan silir campur aduk Nnyiptake suasana sing khas
Godong wit kelapa obah ngalur ngidul
Mobat mabit endha saben -saben angin sumilir
Tresnaku Marang Keendahan Negaraku
BalasHapusDening: Dea ngesti 9B
Keendahan alam negaraku. Nduwe gunung, tanduran ijo royo royo
Ayem tentrem
Panen pari mung kari ngenteni.
Alas gong liwang liwung
esok wacine jagone padha kluruk
raja kaya wiwit bangun esok
rame suarane kemruyuk
Ayem tentrem amung tani
Abang abang sumilak padang
Ora neko neko
Ora nguruai perkara njaba
Ungaran 4, april 2026
Tresnoku Marang Bandungan
BalasHapusDening: valentino cahya putra/9B
Sarating surya saka waten
Hawa sing adem sumrambuh
Pande lengan mata ketingal pemandangan alam sing indah
Gawe ati ayem lan tentrem
Nalika esuk katon ana kabut
Nutupi dalam alon - alon
Swara manuk padha muni
Nambah ayem ing sajroning ati
Bandungan ora bakal tak kali
Senajan aku lungo adoh
Tresnoku tetep osah
Bandungan tetep jng njero ati
Ungaran, 4, april, 2026
TRESNAKU MARANG KAENDAHAN DESAKU
BalasHapusDening : Farellian Dzakwan Arib Yuwono/9B
Mata Iki ketinggal alam sing asri
Wit-Witan Iki Katon ijo royo-royo
Krungune banyu Mili saka kali kidul
Ndadekna atiku ayem
Desaku ana sawah sing endah
Tandurane sing Katon asri
Angin banter kang sumrisik nganti ngrasuk ati
Ndadekna pikiran sing lesu dadi ayem
Desaku hawane seger lan adhem
Nggawe kita sedaya adhem teng desa
Mangkane kita padha ngrawat alam
Titipaning Gusti kang alearya jaged
Ungaran, 4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Desa Susukan
BalasHapusDening: Elfaizza Rahma Cantika /9B
Desaku kang asri lan endah
Gawe tentrem ning ati
Rasa tresna marang Desa Susukan
Para warga muji sokur marang Gusti
Wit-witan ijo royo royo
Abang-abang sumilak padang
Ing sisih wetan
Tandha wengine wis ganti awan
Ayem tentrem ayeme among desaku
Para desaku pada seneng
Ora neka-neka
Muga-muga mupangati
UNGARAN, 4 APRIL 2026
Tresnoku Marang Desaku
BalasHapusDening:Syifa Aulia Nuraini/9B
Desaku tentrem lan ayem
Sawah ijo nglambai ing angin
Swarane manuk muni saben esuk
Ndadekno atiku ayem
Wong wonge padha sumingrah
Urip rukun ayem tentrem
Tulung yen ana sing butuh
Gawe swasana tambah nyenengke
Desaku ora bakal tak lalino
Senajan mengko aku lungo
Kenangan apik tetep kelingan
Desaku tetep neng njero ati
Ungaran,4 April 2026
Alam Kang Endah
BalasHapusDening: Queensha Laksita Angel/9E
Jago kluruk nandakake wayah esuk
Hawane adem ngrasuk ning ati
Embun netes ing gegodongan
Banyu kali kang gemricik nambahi ayem tentrem
Srengenge sitik-sitik ketok soko sisih wetan
Nambahi suasana isuk tambah endah
Angin kang semilir seger rasane
Opo meneh nyawang tanduran sawah kang ijo royo-royo
Wayah isuk kang seger hawane
Suasanane isuk nentremake ati
Roso sujud syukur marang gusti
Ingkang sampun nyiptakake alam endah lestari
Ungaran, 5 April 2026
Suasano Alam Desaku
BalasHapusDening:Akhsainna Jasmine Humaira/9B
Pandelengan iki ketingal alam sing endah
Wit-witan kang radhang padha ngadeg
Jejer ing sakiwo tengen dalan
miline banyu kali ndadekna atiku ayem lan tentrem.
Tanduran mobat mabit endah saben angin sumilir
Marai suasano ati dadi ayem lan tentrem
Swara manuk sing mabur
Katone jagongan kaliyan kahanan saiki.
Hawane seger lan adhem ayem
Gawe kita sedaya kraos ning desa
Murih ati tinaem rasa syukur
Wujud matur nuwun marang Gusti.
Ungaran, 4, April 2026
Tresnoku Marang Kaendahan Alam ing Dieng
BalasHapusDening: Choirul Syakira/9B
Hawa atis sing dirasakne saben dino
Pemandangan alam lan udara sing asri
Suasana ayem saben isuk
Saben bengi hawa saya atis
Akeh objek wisata ing kono
Saben dino prei akeh wisatawan kang teko
Awan-awan akeh wong kang podo riwa-riwi
Suasana dadi rame saben dino prei
Akeh wong sing seneng Dieng
Suasana ayem lan keindahan alam aing asri
Pegunungan katok ing saben langkah
Akeh tanduran sayuran lan buah
Ungaran,4 April 2026
BalasHapusWayah Sore Ing Kalisidi
Dening: Indri Ayunda sari/9D
Hawane seger lan adem ayem
Srengenge wayah sore Wiwit surup
Bocah padha kumpul kanthi bugah
Swasana sore dadi saya endah
Desa kalisidi wayah sore ngademke ati
Bocah padha dolan ing pinggir kali
Guyub rukun tanpa iling bali
Rasa senang katon saben ati
Wit-witan sing rindang ngadeg ing pinggiran dalan
Angin semilir ngobahke godhong kanthi alon
Banyu mili ketok seger
Sing ndeleng krasa tentrem.
Ungaran, 7 April 2026
Lingkunganku Kang Asri Lan Tentrem
BalasHapusDening: Razka Rayyan Pranaya/9D
Aku Trisna lingkunganku
Angin semribit seko wit-witan
Lingkungan resik tanpo sampah
Manuk kicau ing Kabeh cuaca
Cah, ayo padahal njaga lingkungan
Supaya kaendahan alam bisa lestari
Srengenge njedhul saka wetan
Padhang njrawang madhangi jagad
Wit-witan ijo royo-royo Katon seger
Kukila oceh-ocehan nambah senenge ati
Ing kene panggonan kang dak tresnani
Adoh saka polusi kan swara brisik
Angine sumilir nggawa ganda kembang gawe ayem lan tentrem neng Jero dodo
Kaendahan Sekolahku
BalasHapusDening: Safara Aqil Fadilla/9E
Nalika surya nyorot ing kelas
aku nyawang saka jendela
wit-witan kang asri
swarane manuk padha saut-sautan
Sekolahku sing endah
ndadekake semangatku sekolah
nyawang wit-witan katon rimbun
hawane seger lan adhem
Asrine sekolahku
sesawangan gunung Ungaran
luase lapangan
gawe nentremake ati
Ungaran, 7 April 2026.
Sekolahku kang Asri
BalasHapusdening : Nandina Shafa Zahira IX E
Wit-witan rindhang
Kembang-kembang semerbak harume
Werna-werna tanduran ijo
Sesawangan sing endah
Soroting surya kang endah
Ngrenggani wit-witan rindhang iku
Embun esuk nyejukake mata
Maringi segering rasa
Swara manuk saut-sautan
Angin semilir seger
Murid-murid sinau kanthi ayem
Amarga sekolahku sing asri
Ungaran, 7 April 2026
7 April 2026
BalasHapusKahanan Gunung Ungaran
Dening: Ahida Millaty Najwa IX D
Ijo royo royo gegodhongan
Wit witan padha ngadeg
Katon pandelengan mata
Manuk mabur mrono-mrene
Dadekake kahanan alam seng endah
Hawane seger lan adhem ayem
Gawe ati nelangsa dadi bungah
Gunung Ungaran katon endah
Gagah tenan sliramu
Agawe manungsa gumun nyawang kahanan iki
Adheme Sawah
BalasHapusdening : Devania Najwa Hafiza IX E
Angin esuk ing sawah ijo royo-royo,
manuk muni nduwur suket teles,
kabut tipis dolanan pinggir dalan setapak,
sawah goyang kaya ombak cilik.
Srengenge panas ngrangkul embun esuk,
pari-pari ngombe banyu saka selokan
kodhok mlumpat ing genangan banyu,
ambu lemah gawe bungah ati.
Petani mulih karo padha guneman,
sawah meneng kaya turu nyenyak,
lintang metu ing langit peteng,
hawane sawah marai kangen.
Ungaran, 8 April 2026
Candirejo
BalasHapusDening:Alwan Evan Hartono IX E
Desaku seng endah lan adhem ayem
hawane seger marai krasan kang ndesa
swarane motor lalu lalang
marakke betah tinggal ing ndesa
Warganipun rukun tansah guyub
tetulung sesarengan tanpa pamrih
tetanduran ijo royo-royo
nambahi endahing swasana asri
Manah tentrem tebih saking ribet
urip prasaja kebak kabingahan
mugi desaku tansah rahayu
langgeng ayem tentrem saklawase
Ungaran,9 April
Spega Sing Tak Tresnani
BalasHapusdening : Nabila Artha Safia IX E
Sekolahku sing adem lan sumilir
wit-witan kang rindang ngrengga sesawangan
hawane panas nanging adem
nggawe nyaman lan nyemangati kanggo sinau
Swara jenggeret ing wayah awan
mecaki suwunge swasana
cahya kang endah madhangi kelas
ndeleng mangsa ngarep sing cerah
Pemandangan apik ing Spega
kathah tanduran teduh
bebarengan karo lingkungan resik lan asri
ndadekna semangat kanggo sekolah saben dina
Kebune Simbah
BalasHapusDening : Bima rusdiyanto IX E
Simbah duweni kebun ning cedak omah
kebune ditanduri wit-witan kanthi rindang
senajan wit'e warna warna
amarga ben gawe kebune endah
Kebune kui ngawakke hawa seng penak
ndadekna ati lan pikiran dadi adem
swara manuk sing ngoceh
gawe dewe dadi ayem
Swara angin sing mobat-mabit
lan swara miline banyu seng ngarah ngetan ngulon
ngawe dewe koyo selaras karo alam
kabeh iki nandakke alam sing iseh asri
Ungaran, 8 April 2026
Perpisahan
BalasHapusDening : Nirina Agiska Putri/27 IX-E
Wektu perpisahan wis ana ing pucuk dalan
Kelas sanga sampun rampung anggenipun bebarengan
Guyu lan tangis dadi siji kenangan
Dadi kenangan sing ora bakal ilang
Saben dina sinau bebarengan
Guyu lan geguyonan tansah ngancani
Kanca-kanca dados kulawarga
Ngancani lampah ngantos samenika
Senajan mengko dewe pisah dalan
Nguber cita-cita dhewe-dhewe
Paseduluran iki ojo nganti luntur
Tetep ana nganti kapan wae
Keindahan Alamku
BalasHapusDening : Javier Naqa Andyarofi IX E
Matahari terbit di ufuk timur,
menerangi dunia dengan cahaya penuh harapan.
gunung-gunung menjulang dengan gagah,
menantang langit, seolah tanpa lelah.
di sini, aku berdiri menjadi saksi,
atas keagungan alam ciptaan Tuhan yang abadi.
Suara angin berbisik dengan pelan,
membawa pesan kedamaian yang dalam.
suara burung-burung riuh berkicau,
bagaikan musik yang menghalau risau.
aku takkan pernah merasa bosan,
menikmati indahnya alam yang Tuhan anugerahkan.
Wahai alamku, cintaku padamu takkan pernah luntur,
meski zaman sudah mulai modern.
walau kini keasrianmu mulai tertutup,
oleh gedung-gedung modern yang semakin rapat.
semoga hijaumu tetap terjaga selamanya,
menjadi warisan luhur bagi anak cucu nantinya.
Ungaran, 8 April 2026
Keindahan Alamku
HapusDening : Javier Naqa Andyarofi IX E
Endahing Alamku
Srengenge mlethek ing sisih wetan,
Madhangi jagad nganggo cahya kebak pangarepan.
Gunung-gunung jejer katon gagah,
Nyunggi langit, kaya ora duwe rasa sayah.
Ing kene, aku jumeneng dadi seksi,
Marang agunging alam ciptaan Gusti kang abadi.
Swara angin nggleser ririh,
Nggawa pesen tentrem kang nancep ing ati.
Manuk-manuk oceh-ocehan rame banget,
Kaya musik kang ngilangake rasa sumelang.
Aku ora bakal ngerasa bosen,
Ngrasakake endahe alam paringane Gusti.
Duh alamku, tresnaku marang sliramu ora bakal luntur,
Sanadyan jaman saiki wis dadi modern.
Senajan saiki asrimu wiwit ketutup,
Dening gedung-gedung dhuwur kang tansah ngebaki.
Muga-muga ijomu tetep kajaga salawase,
Dadi warisan luhur kanggo anak putu tembe mburine.
Ungaran, 8 April 2026
Wayah Sore Ing Desa
BalasHapusDening: Abeliza Nur Rachmadana IX E
Wayah sore ing desaku,
Rame swarane jangkrik pada ngerik,
Ing sawah kang semilir angine,
Katon nggarang kuning tanduran pari.
Bocah-bocah padha dolanan layangan ,
Angin sore sumilir nggawa hawa seger,
Srengenge Wiwit Lingsir ing cakrawala jingga,
Langit biru jembar dadi papan srawug.
Wit randhu ing pinggir dalan,
Godhonge obah ketiup angin sore,
Manuk-manuk padha mabur mulih,
Ati krasa ayem nyawang kahanan.
Ungaran, 8 April 2026
Kaendahan samudra
BalasHapusDening:Aufal Muttaqy IX E
Jembar biru lelana,
Kaya langit kang tiba,
Sregep ngrangkul cakrawala,
Endah tanpa ana paraga.
Ombak putih memutih,
Mlayu ngguyu ing pesisir,
Nggawa buid kang nggitip,
Ati dadi melu kintir.
Iwak-iwak njoget lucu,
Ing sela-selaning karang,
Mulyane kersaning Gusti,
Samudera dadi pepadhang.
Ungaran, 9 April 2026
GUNUNG
BalasHapusDening : Abhipraya Raditya R. A. IX E
Gunung dhuwur gagah ngadep langit
Keton apik lan gagah
Angin seger ngelus godhong godhong
Suara manuk marai atine tentrem
Kabut putih nyelimuti puncake
Kaya selimut nalika wengi
Terbit srengenge gawe pemandangan apik
Nggawe anget marang alam iki
Seko puncak keton dunya kang amba
Sawah lan desa keton indah
Ati rasane tentrem
Rasa susah krasa ilang kabeh
Ungaran 9 April 2026
Kaendahan Alam ing Desa Sumurrejo
BalasHapusDening : Adelia An Nazwa/03/IX E
Desa Sumurrejo katon ayem lan asri
Wit-witan ijo nambahi endahing bumi
Angin seger nyemilir ing ati
Gawe tentrem saben dina iki.
Esuk-esuk manuk padha muni
Srengengene madhangi bumi
Sawah jembar katon ijo royo-royo
Nambah ayu desa kang tentrem kuwi.
Sumurrejo tetep endah lan lestari
Kudu dijaga nganti tekan saklawase
Alam iki titipan kang kuasa
Kudu dijaga supaya anak putu bisa ngrasakake mengko.
Tresno Marang Desa Kalisidi
BalasHapusdening: Alvina Kharissa S. /7/9E
Kaendahan alam Ing Desa Kalisidi kang asri,
dumunung ing pangkon Gunung Ungaran,
angin esuk nggawa tentreme ati,
sawah ijo lan kali mili maringi panguripan.
Manuk-manuk muni sesahutan,
wit-witan jejeg ngreksa bumi,
alam endah dadi berkahing gusti,
kang kudu dijaga kanthi rasa tresna.
Ayo padha nguri-uri lingkungan,
aja ngrusak lan mbuwang rereged sembarangan,
supaya Kalisidi tetep lestari,
ijo royo-royo nganti tekan tembe mburi.
Tresnaku Marang Ungaran
BalasHapusdening : Rafka Athallah Alfarezel Zulfa IX E
Pandelengan mata iki ketinggal ning kotaku, Ungaran
wit-witan kang rimbun padha ngadeg jejeg
jejer ing wakiwa tengen dalam desa kan kota
hawane gawe hatiku ayem tentrem.
Bukit lan gunung katon ijo ngulang dhuwur
curug-curug netes deres
kali kali dowo kaya ula
miline banyu kali kidul kang gumrising.
Jiwa raga iki kanggo kotaku, Ungaran
Papan gedhe iki kudu dijaga
maturnuwun matang Gusti
sing nyiptaake kotaku Ungaran.
Ungaran, 2 April 2026
1 April 2026 pukul 20.47
BalasHapusKahanan Esuk ing Ungaran
dening : Muhammad Luthfil Hakim IX E
Embun esuk nggawe seger motor mobil lewat ngalor ngidul wong-wong pada mangkat kerja bocah-bocah pada mangkat sekolah.
Sang bayu sepoi kang ayem nyapu godhong-godhongan gunung Ungaran katon cetha njulang dhuwur langit.
Alam kang bisa nggawe ati kudu bisa dijaga karo manungsa supaya anak lan putu bisa ngrasakake ciptaane Gusti Allah.
Ungaran, 2 April 2026
KIRIM ULANG
BalasHapusKaendahan Rawa Pening
dening : Najmatul Bilqiz Yudha/IX-E/ 24
Pinggir Rawa Pening kang tentrem
banyu nglimput amba tanpa wates
angin bisik alon sela riak
nemokake tentrem ing sajroning jiwa
Gunung-gunung ngadeg ngubengi Rawa
bayangane kacetha saka banyu
nambah endahing swasana
Rawa Pening pangeling urip
yen alam kudu dijaga bebarengan
supaya tetep lestari
dadi warisan kang ora ana regane
Ungaran, 9 April 2026.
Kaendahan Alam Susukan
BalasHapusdening: Ilma Lanali Kamil 14 / IX E
Kaendahan alam ing desaku Susukan
akeh wit-witan kang rindhang
sawah kang ijo royo-royo
ndadekake hawane adem lan ayem
Swara miline banyu kali
ngiringi tentreming ati
angin sepoi-sepoi ngrasuk rasa
ndadekake tentrem ing jiwa
Manuk-manuk padha kicau
nambah endahing suasana
urip dadi luwih tentrem
amarga alam kang ngreksa
Kelingan Kampungku
BalasHapusDening: Muhammad Irfan Ariq Alhandy IXE
kelingan mripat iki endahing kampungku
Katon gunung ngadeg nggayuh awang-awang
sawah jembar ngebaki mripatku
Banyu kali kang gawe werna perak gawe pepadhang
kelingan kulit iki dekepaning angin
Sarta tutulaning banyu bening nyesep ati
Rasa tentrem ngrasuk jero ing batin
Nambahi kangen marang lemah kula kang dadi dadi
kelingan ati munjuk syukur marang ingkang Maha Esa
Wis nggambar mahakarya sing édi péni
Karya nyata sing ora bakal luntur déning kala
Ora sanggup nggambarake nampa anugrah sing linuwih
Ungaran,9 April 2026
Alam Kang Nggugah Tresna
BalasHapusdening: Gisca julie wibowo/13/IXE
Gunung ngadeg gagah nyawang langit biru
Kabut tipis nglimputi pucuke alon
Nggawa fasa ayem tentram
Ati iki kebak tresna marang kaendahan
Swara manuk muni wajah esok
Angin sepoi nggoyang gosong ijo
Srengenge semunar madhangi jagad
Nambah rasa syukur lan kagum
Segera jembar tanpa wates
Ombak muni kaya tembang alam
Keindahan alam kudu dijaga
Supaya lestari keanggotaan generasi
Ungaran, 9 April 2026
KIRIM ULANG BILQIZ
BalasHapusKaendahan Rawa Pening
dening : Najmatul Bilqiz Yudha/IX-E/ 24
Pinggir Rawa Pening kang tentrem
banyu nglimput amba tanpa wates
angin bisik alon sela riak
nemokake tentrem ing sajroning jiwa
Gunung-gunung ngadeg ngubengi Rawa
bayangane kacetha saka banyu
manuk-manuk muni merdu
nambah endahing swasana
Rawa Pening pangeling urip
yen alam kudu dijaga bebarengan
supaya tetep lestari
dadi warisan kang ora ana regane
Ungaran, 9 April 2026.
KIRIM ULANG
BalasHapusSekolahku kang Asri
dening : Nandina Shafa Zahira IX E
Wit-witan ngrembuyung
Kembang semerbak harume
Werna-werna tanduran ijo
Sesawangan sing endah
Soroting surya kang endah
Ngrenggani wit-witan ngrembuyung iku
Embun esuk nyejukake mata
Maringi segering rasa
Swara manuk saut-sautan
Angin semilir seger
Para siswa sinau kanthi ayem
Amarga sekolahku sing asri
Ungaran, 9 April 2026
KIRIM ULANG
BalasHapusKaendahan Sekolahku
dening: Safara Aqil Fadilla/IX E/34
Nalika surya nyorot ing kelas
aku nyawang saka jendela
wit-witan kang asri
swarane manuk padha saut-sautan
Sekolahku sing endah
ndadekake semangatku sekolah
nyawang wit-witan katon ngrembuyung
hawane seger lan adhem
Asrine sekolahku
sesawangan gunung Ungaran
luase lapangan
gawe nentremake ati
Ungaran, 9 April 2026.
KIRIM ULANG
BalasHapusAdheme Sawah
dening: Devania Najwa Hafiza IX E/11
Tanduran sawah ijo royo-royo
manuk muni nduwur suket teles,
kabut tipis dolanan pinggir dalan setapak,
sawah goyang kaya ombak cilik.
Srengenge panas ngrangkul embun esuk,
pari-pari ngombe banyu saka kalenan
kodhok mlumpat ing genangan banyu,
ambu lemah gawe bungah ati.
Para tani karo padha guneman
sawah meneng katon anteng,
linyang metu ing langit peteng,
hawane sawah marai kangen.
Ungaran, 9 April 2026
KIRIM ULANG
BalasHapusNgurmati Alam, Nguri-Uri Kaendahan
dening: Lutfiana Cahyakumala/IX E/16
Gunung katon ijo royo-royo
nggawa ayem tumraping jiwa
banyu kali gemricik kena kanggo keceh
tinambah swara manuk kang pada ngoceh
Angin semilir nyandak alus pipiku
nggawa tentrem tanpa janji
kembang warna-warni mekar sumringah
nambah ayuning alam endah
Langit biru dadi payung urip
nggugah rasa tresna ing kalbu
supaya ora rusak lan sirna
nguri-uri kaendahan nganti selawase
Ungaran, 9 April 2026
KIRIM ULANG
BalasHapusWayah sore ing desaku
Dening: Abeliza Nur Rachmadana IX E
Wayah sore ing desaku,
Rame swarane jangkrik padha ngerik,
Ing sawah kang semilir angine,
Katon nggarang kuning tanduran pari.
Bocah-bocah padha dolanan layangan,
Angine sumilir nggawa hawa seger,
Srengenge Wiwit Lingsir ing sisih kulon,
Langit biru jembar dadi papan srawug.
Wit randhu ing pinggir dalan,
Godhonge obah ketiup angin,
Manuk padha mabur mulih,
Ati krasa ayem nyawang kahanan.
Ungaran, 9 April 2025
Kaendahan Desa Bancak
BalasHapusDening: Shofwatul Hanifa 9E
Ngger...
Iki panggonan simbah wiwit cilik lair
dalanan disikep sawah kang asri
sing marai hawa dadi ayem.
Wit - witan kang ijo royo - royo
kali duweni tirta sing adem
rasa tresnaku matang desa iki
ora bakal luntur.
Kewan - kewan pada dadi saksi..
matang kaendahan desaku
anggane semangat urip
ati dadi sumringah kan bungah.
Lingkungan Sekolahku
BalasHapusDening: Aissyah Putri Kristanto IX E / 6
Sekolahku sing asri lan tentrem.
Wit-witan kang ngrembuyung.
Udarane sing seger.
Ndadekna atiku ayem.
Sekolahku asri lan tentrem.
Nyawang lapangan sekolah kang ijo lan amba.
Hawane seger.
Nggawe atiku sumringah.
Sekolahku asri lan tentrem.
Swara jenggeret kang mbrebeki kuping.
Suasanane adhem lan ayem.
Ndadekna ati seneng.
Ungaran, 9 April 2026
Desaku Pabelan
BalasHapusDening : Niyala Ulil Azza
Desa pabelan katon ayem,
Akeh wit-witan ijo royo-royo,
Ijone sawah ngrembaka amba,
Hawa adem kang nentremake ati.
Cahya surya amadangi para tani,
Swara banyu mili asale saka kali,
Manuk muni bebarengan nambah ayeme ati,
Ing dalan lemah lan guyup rukuning warga.
Sore teko nggawa cahya emas endah,
Angin wengi sumilir katon sumringah,
Cahya rembulan sumunar sansoyo padang,
Nambahi ayeme ati ngroso bimbang.
Ungaran, 9 April 2026
Swara Alam
BalasHapusdening : Adli Fawas Putra P.
Isuk kang adem kan ayem
srengenge sumunar alon saka wetan
embun sumurat kemerlip ing pucuk tanduran
maringi ketentraman ati.
Angin semilir mlebu alon krasa tentrem
wit-witan kemrisik kaya lagi nembang
swara kali mili tanpa kendhat
dadi irama alam kang ngayemake jiwa.
Aku meneng nyawang kanthi rasa gumun
tresnaku rawuh tanpa wates
kaendahan alam dadi panglipur
sing tansah tak simpen ing sajroning ati.
Ungaran, 9 April 2026
KIRIM ULANG
BalasHapusAlam Kang Endah
Dening: Queensha Laksita Angel IXE/29
Jago kluruk nandakake wayah esuk
Hawane adem ngrasuk ati
Embun netes ing gegodongan
Bantu kali gemricik nambahi ayem
Srengenge sitik-sitik katon soko sisih wetan
Nambahi suasana isuk tambah Endah
Angin kang semilir seger rasane
Opo meneh nyawang tanduran sawah ijo royo-royo
Wayah isuk kang seger hawane
Suasanane isuk nentremake ati
Roso sujud syukur matang Gusti
Ingkang sampun nyiptakake alam endah lestari
Ungaran, 9 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Alam
BalasHapusdening:Megantara Baihakki Anwar /IX E/17
Seneng mripat nyawang alam sing endah
wit sing rindhang lan angin sejuk
miline banyu kali nggawa swara tentrem
atiku kebak rasa ayem
Swarane manuk sing endah
katane jagongan kahanan sumringah
angin banter ngrasuk ati
pikiran about dadi enteng
Hawane seger adhem ayem
mangkane ayo padha ngerawat alam
murah ati tinanem rasa syukur
wujud matur nuwun matang Gusti
Ungaran, 9 April 2026
keren dan asik sekali
BalasHapusEndahe Alam Desaku
BalasHapusDateng: Marsya ayu / 18/ IXA
Srengenge njendhul katon sumringah,
Nyarati mega kang putih resik,
Manuk-manuk ngoceh bungah,
Nampa esuk kanthi becik.
Sawah ijo royo royo jembar,
angin sumilir nggawa ganda wangi,
para tani makarya kanthi sabar,
mulangati bumi paringan gusti
Gunung gunung ngadeg gagah pating jrondol,
Kali mili bening tanpa regetan,
Ayo kanca padha njaga aja nganti ucul,
Alam lestari dadi warisan bebrayan.
Ungaran, 10 April 2026
Saksi Katresnan Yogya
BalasHapusdening : Zahra/31
tugu lan kraton dadi saksi
wibawane kuta kang kebak donga
lampu malioboro madhangi wengi
ngawa tentrem ing njero dodo
Andhong mlaku alon alon
suoro gamelan rumesep kalbu
antarane dalan lan kraton
kebak kangen tansah nemu
Merapi njaga saka kadohan
Nambah asrine kuta yogyakarta
Saben rasa dadi kaendahan
Jogja pancen kuta kebak kenangan
Kaendahan Ing Desa Kalisidi
BalasHapusDening: Mala maulia risfa/17/ IXA
Esok kang sumunar
Srengenge madhangi bumi
Desa kalisidi ketok ayem lan tentrem
Kebak kaendahan kang ora ana tandinge
Swara manuk muni riang
Ngancani angin kang semilir
Warna sawah ijo seger
Gawe roso tentrem ati
Para warga urip rukun
Gayuh lan tulung-tinulung
Ngereksa alam kanthi katresnan
Supaya kaendahan tetep lestari.
Ungaran, 10 April 2026
Kaendahan Ing Desa Kalisidi
BalasHapusDening: Mala maulia risfa/17/ IXA
Esok kang sumunar
Srengenge madhangi bumi
Desa kalisidi ketok ayem lan tentrem
Kebak kaendahan kang ora ana tandinge
Swara manuk muni riang
Ngancani angin kang semilir
Warna sawah ijo seger
Gawe roso tentrem ati
Para warga urip rukun
Gayuh lan tulung-tinulung
Ngereksa alam kanthi katresnan
Supaya kaendahan tetep lestari.
Ungaran, 10 April 2026
Kaendahan Alam Desaku
BalasHapusDening:Amila Dwi Cahyaningtyas/9B
Pandeglang alam sing endah
bukit ijo royo royo alamku iki
akeh wit bambu kang rindhang
miline banyu kali marakke atiku ayem
Swara manuk mabur enak di rungokke
katone jagongan kaliyan kahanan saiki
angin banter marakke tanduran mobat mabit
suasana ati dadi ayem lan tentrem
Hawane seger lan adhem ayem
gawe kita sedaya krasa ing desa
mangkane ayo padha ngrawat alam iki
murih ati tunanem rasa syukur
Ungaran, 4 April 2026
Tresnaku Marang Kaendahan Alam ing Desaku
BalasHapusDening: Hasya Qotrunnada Afifah
Alam ing Desaku kahanane asri lan adem
Tanduran wit-witan padha ngadeg lan duwur
Wit-witan jejer ing kiwa tengene
Miline banyu kali saka sawah
Gemercike swara banyu kali
Nandakake atiku luwih ayem
Swara manuk sing ana ing wit-witan
Anggawe kahanan saya ayem
Angin spoi sumrisik ngrusuk ati
Nandakake pikiran dadi bungah
Hawane seger lan adem
Gawe kita sedaya krasan ing desa
Mangkane ayo ngrawat alam iki
Wujude matur nuwun marang gusti
Ungaran, 4 April 2026
Tresnaku marang kaendahan Kab. Semarang
BalasHapusJuneuval Dzaki M/9B
Kab. Semarang, kutha kebak pesona
Gunung, kali, lan sawah dadi siji
Ing Rawa pening banyu bening
Nggambarake ayem ing njero ati
Angin esuk nyapa alus
Nggawa ambune kembang kan lemah teles
Swara alam kaya tembang lirih
Nglipur ati sing kangen tentrem
Nalika nyawang Gunung Ungaran sing ngadeg gagah
Katon megah kan kebak wibawa
Dadi pangreksa alam lan urip
Kang tansah njaga kaendahing bumi
Semarang, tresnaku ora bakal sirna
Sunadyan wektu terus lumaku
Kaendahanmu bakal tansah dak eling
Nganti tekan pungkasaning urip
Ungaran, 11 april 2026
Sabtu 11 April 08.39
BalasHapusTresnaku gawe kab. Semarang
Dening:M.Choirul Rafa
Aku tresno karo kab. Semarang
Kab. Semarang iku tanah wutah getihku
Tresnaku gawe kab. Semarang raono bbandingane
Amergo kab. Semarang iku damai suasanane
Aku tresno karo kab. Semarang ora ono liane
Alame sing asri lan akeh wisatane
Marai aku gak iso lali karo kutoiki
Rasane enak iso urip nang kuto iki kab. Semarang
Kab. Semarang ndueni wisata alam sing akeh
Lan ijek asri lan ijek apik kabeh
Wisata alame janraono tandingane
Gunung Ungaran ngadek jejeg nandakno Semarang iku kaya alame
Pantai marina nandakno Semarang ra mong ono gunung tok
Curug lawe nandakno Semarang iku ndueni keajaiban alam
Candi ngempon nandakno Semarang iku yo ndue sejarah
Tresnaku abadi gawe kab Semarang
Ungaran 11 April 2026
Tersnaku marang kaendahan alam dening Labib Al Latif/22
BalasHapusKahanan alas penggaron seng asri
Embun seng adem saben esok
Swara kicauan manok saut-sautan
Marai adem ati lan pamikiran
Wit kang rimbun
Tanduran ketok ijo
Ndelok alas penggaron kang Endah
Gawe soco seger
Hawane seng adem
Lan oksigen seng AKEH
Alam penggaron kang kudu dilestarike
Kudu dijaga keasrian e
Suasana Desa Legoksari
BalasHapusdening:Danna jaya dinata/11
Pandagelan mata iki ketingal alam sing endah
wit witan kang rindhang padha ngadheng
katon ijo royo royo alamku iki
Angin banter kang sumrisik ngrasuk ati
ndadehake pikiran seng lesu dadi bungah
katonan jagogan kaliya kahanan saiki
Desaku tetep tak tresnani
senadya owah jaming waktu
mugo lestari kaendahane
KAHANAN ING DESA BABADAN
BalasHapusPisel adelio danadiyaksa/26
esuk sumunar ing sawah ijo, embun nempel ing godhong pari, wong tani nggawa panguripan kanthi ati sabar.
bocah-bocah ngguyu ing dalan desa, dolanan prasaja tanpa beban, nggambarake kebungahan sing tulus ing desa babadan.
sore tumiba nggawa tentrem, warga kumpul kanthi guyub rukun, senadyan urip ora tansah gampang nanging tetep ayem
Kaendahan alam desa Tegal Rejo
BalasHapusDening: Alif Tirta Saputra/9B
Swara Manuk Ing wayan Esuk
Gawe tentrem Saben lakuku
Nalika sumunar Srengenge
Katon ing Sitik wetan.
Desa kang asri lan adem Gawe tentrem ati iki
dadi betan ana Sanding kene Tegal tejo kabupaten Semarang
Gemericik Swara Banyu fukiiba.
ana lemah kang garing
Tanda tresna Alam iki
nasika usum Ketiga gumanti
Ungaran,11 April 2026