Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Dhemit Tangsi Bantir

Ing sawijining wengi kang peteng lelimengan karo udan deres gludug gludag gludug, pancen wis biasane saben udan kaya mangkene desa Bantir apa maneh wengi iki angine banter banget. Wektu semono udakara taun 90-an durung ana listrik kang mlebu ing desa Bantir kaya biasane mbok Sumi nggawekake wedang kopi lan anget-anget gorengan kanggo garwane yaiku kang Tarno. Dene kang Tarno dhewe nyumet sentir kanggo padhang-padhange omah.
Karo mangan temal temil mangan gorengan lan nyawang sentir kang slundlap-sundlup, watara wis jam 10 wengi kang Tarno lan mbok Sumi kaya-kaya krungu ana wong kang ndhodok-ndhodok lawang omahe "sapa ngono wengi-wengi kok ya ana wong mertamu" omonge kang Tarno karo menyat saka lungguhe. Banjur lawang dibukak dening mbok Sumi. Jebul mandhang lawang dibukakake mbok Sumi ora ana siji-sijio banjur mbok Sumi grenengan marang kang Tarno "kok ora ana pawongan yo kang?"ketoke mau ana sing dhodok-dhodok lho. Wis wetara let 10 menitan saka anggone mbok Sumi grenengan ana swara kang dhodok lawang ing omahe meneh, lawang dibukakake dening mbok Sumi ora ana pawongan maneh. Kang Tarno banjur omong karo mbok Sumi"paling kuwi mau kae sing ndhodhok lawang ya sing nunggu wit sawo kuwi to mbok"kang Tarno ngomong karo garwane.

Watara jam 11-an kang Tarno kepikiran karo tandurane, yen udan karo angin mangkene ya tanduranku mowat-mawit ngrundele kang Tarno ing atine. Tegal kang Tarno sing ana ing sebelah barak tangsi kang rada wingit. Banjur kang Tarno omong marang mbok Sumi yen kang Tarno arep niliki tandurane. Anaing mbok Sumi ora ngolehake kang Tarno budhal, karepe mbok Sumi kang Tarno arep niliki tandurane. Ananging mbok Sumi ora ngolehake, karepe kon nang omah wae tinimbang ana kedadeyan kang ora dikarepake. Atine kang Tarno rasane ora kepenak karo tandurane sing mau esuk gek wae dirabuk nganggo rabuk kandhang. Kanthi ati kang sansaya ora kepenak kang Tarno teka budhal saka omahe arepa mbok Sumi ora ngolehake. Kang Tarno banjur njupuk manthol sing gawene saka plastik kresek, nganggo sepatu kebon lan pacul.

Saktekane kang Tarno ing Tegal kang ana ing sebelah kidul barak tangsi bantir jebule tenan yen tandurane sing gek wae dirabuki mowat mawit kaya kaya wis ora ana tanduran sing ditandur. Kang Tarno nyoba benakake tandurane kang iseh ana sisane kanthi nganggo pacul nganti tekan nggalengan. Watara wis telung menitan kang Tarno mbenakake tandurane saka kadohan kaya kaya kang Tarno lrungu swara tanpa awujud, mandang swara iku dicedhaki saya suwe saya adih swarane. Kedadeyan ora mung swara wae ananging kang Tarno uga diweruhi trinil yaiku gembung tanpa sirah, kang Tarno glagapan mandhang weruh iblis kang awujud kaya mangkono banjur ora bisa omong lan mlaku, ananging sakbanjure trinil iku wis ora ngetok maneh neng ngarepe kang Tarno. Kang Tarno banjur bisa ngomong lan mlaku amarga ilange trinil iku mau.

Sakwise kang Tarno bisa mlaku, pacul diselehake ana ing gubug sakcedhake kono. Ana ing sakcedhake gubug iku kang Tarno diweruhi noni kayo sinyo ing brenangan. Noni lan sinyo iku anak walanda kang wus mati ing panggonan cedhak barak tangsi Bantir. Kang Tarno mlayu sak cepet-cepete tumuju ing daleme pak Narno amarga keweden dewe. Pak Narno iku pawongan kang melu njaga Tangsi Bantir. Kanthi menggeh-menggeh kang Tarno ndhodok lawang daleme pak Narno, lawange banjur dibukak kang Tarno wis ora bisa ngomong apa-apa amarga saking wedine diweruhi trinil, noni lan sinyo mau.

Srengenge esuk wis katon ketok nanging kang Tarno durung tekan omah, mbok Sumi tansah kuwatir karo garwane. Ing daleme pak Narno kang Tarno banjur crita kedadeyan sewengi sing dialami, piwelinge saka pak Narno menawa lunga tanpa pangestu saka garwane iku aja nekad, lha rak kaya mangkono kedadeyane karo mesam-mesem.

Jawab Tugas disini



Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

Posting Komentar untuk "Dhemit Tangsi Bantir"