Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Menelaah Teks Berita utawa Pawarta PJJ ke-7 Kelas VIII

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...sugeng enjang anak-anak, sugeng pepanggihan malih wonten pasinaon Basa Jawa...materi minggu menika bab telaah teks berita utawa pawarta.

PAWARTA

1. Pengertian Pawarta
Pawarta/berita/kabar yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiarake kanthi cepet lumantar radhio,tv, internet lan media liyane. Sumber pawarta yaiku asal usule pakabaran utawa kedadeyan, bisa saka manungsa lan prastawa/peristiwa kang dumadi wektu iku.

2. Tujuan/ancase Pawarta
Ancase pawarta menehi kabar lumantar radhio, tv, lan medhia liyane supaya pawarta kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dingerteni dening masyarakat.

3. Unsur utawa perangan-perangan Pawarta
Unsur/perangan-perangan/macem-macem pawarta ana 6 kang diarani 5W+1H yaiku :
A. What (apa) yaiku apa judule pawarta
B. Who (sapa) yaiku sapa kang ana ing pawarta iku mau.
C. When (kapan) yaiku kapan pawarta iku dumadi utawa kedadeane jam pira.
D. Where (ing ngendi) yaiku pawarta iku ana ing ngendi papan panggonane.
E. Why ( kena apa,apa sebabe) yaiku pawarta mau apa sebabe kok bisa kaya mangkono.
F. How ( kepriye) yaiku pawarta iku kronologi utawa kepriye urut-urutane kedadean pawarta iku.

4. Carane Nemokake Pokok-pokok Berita
A. Konsentrasi yaiku pamaca utawa sing maca kudu bener- bener konsentrasi supaya paham pawarta iku bab apa wae.
B. Mangerteni pesen pokok saben ukara yaiku pamaca utawa sing maca kudu nggarisi utawa menehi tanda kang ora ngerti banjur diwenehi arti utawa tegese.
C. Nyathet bab-bab kang penting yaiku pamaca kudu nyathet bab-bab kang durung mudeng banjur di goleki arti utawa tegese.
D. Nerangke kanthi ringkes saka bab pawarta mau yaiku pamaca kudu nerangake bab pawarta kang di waca kanti ringkes apa, sapa, kapan, ing ngendi, kenang apa lan kepriye pawarta iku mau bisa kedadian utawa dumadi.


5. Tuladha Pawarta

Tanggap Warsa SMPN 3 Ungaran

Ungaran, kanggo mahargya tanggap warsa SMPN 3 Ungaran, Kabupaten Semarang, kanthi tema spega luzentezza, dianakake tanggal 17 Desember 2019 sarana ngundang artis mas Paijo. Diarani meriah amarga SMPN 3 Ungaran iki ing jagading pawiyatan kabupaten Semarang kang paling akeh para siswa lan siswi ana ing kabupaten kesebut.

Ing sambutane, kepala SMPN 3 Ungaran mratelakake, menawa tanggap warsa kanthi ngu dang artis mas Paijo supaya para siswa padha mangerteni Basa Jawa kang sopan lan alus amarga artis mas Paijo duweni basa lan tatakrama sae sanget sanajan ta mas Paijo menika artis.

Mas Paijo nampilake 4 lagu melow lan karya anyare yaiku salah wae. Kegiatan iki watara telung jam, sanajan telung jam nanging para guru lan siswa/siswi nunggoni nganti rampung.

1. Apa pawarta ing dhuwur : tanggap warsa SMPN 3 Ungaran.
2. Sapa pawarta ing dhuwur : artis mas Paijo
3. Kapan pawarta ing dhuwur : 17 desember 2019
4. Ana ing ngendi pawarta ing dhuwur : SMPN 3 Ungaran, Kabupaten Semarang.
5. Kenang apa pawarta ing dhuwur : amarga kanggo mangeti utawa maharya tanggap warsa utawa ulangtaun SMPN 3 Ungaran ngundang artis Paijo kanggo meriahake.
6. Kepriye pawarta ing dhuwur :  kanthi ngundang artis mas Paijo supaya para siswa mangerteni basa jawa kang sopan lan alus amarga artis mas Paijo nduweni basa lan tata krama kang sae sanajan ta artis.




Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

1 komentar untuk "Menelaah Teks Berita utawa Pawarta PJJ ke-7 Kelas VIII"

  1. Nama :Radhitya Fabian Hardiansyah/23/8A
    pawarta yaiku laporan kedadeyan kang narik kawigaten lan disiareke neng radhio,tv,lan koran.tujuanne menehi kabar neng masyarakat.
    Unsur unsur utawa ana 6 kang diarani 5W+1H yaiku what,who,when,where,why,how.
    Carane nemokake berika yaiku konsentrasi,mangerteni,nyathet,nerangke

    BalasHapus