Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tetesing Waspamu Ibu

Ibu ... kengeng punapa kok nelangsa
Pedhut punapa ingkang nylimuti penggalih ...
Nganti ndiko kesengsem ing lamunan
Ibu ... tetesing waspamu
Nglairake pitakon gedhe ning pundhakku
Sejatosipun punapa ingkang nggeluti pangrasa, ibu ....
Rina lan wengi aku mesthi
Weruh Netra panjenengan kang suwung
Tetesing waspa kang semlorot kena soroting cahya
Kaya inten kang luntur....
Ya mung ibu sing ana ing atiku
Ibu ... ilinga aku nag kene
Ngusap tetesing waspamu
Minangka aku putra kinasihmu....
Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

Posting Komentar untuk "Tetesing Waspamu Ibu"