Panambang -an
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakuh
Sugeng enjang para siswa kelas VIII
Dina iki pasinaon basa jawa bab panambang -an, ayo padha di waca materi ing ngisor iki!
Sakwise maca materi para siswa banjur padha nggarap latian soal ing ngisore, soal lan candhakan ditulis ing buku tugas basa jawa.
Panambang (akhiran/sufiks) yaiku wuwuhan utawa imbuhan sing manggon ing mburi tembung lingga (kata dasar) kanggo mbentuk tembung andhahan (kata jadian) tuldhane panambang yaiku -an, -i, -en, -a, -ake.
Panambang -an
1. Panambang -an bisa simabung karo tembung sing wekasane konsonan utawa vokal, menawa ana tembung lingga sing wasanane konsonan lan sadurunge konsonan mau ana swara i jejeg.
tuladha :
a. jarik + -an = jarikan
bathik + -an = bathikan
tulis + -an = tulisan
b. pangan + -an = panganan
jaket + -an = jaketan
jotos + -an = jotosan
2. Panambang -an yen sumambung ing tembung wekasane wujud vokal, bisa ngalami owah-owahan.
tuladha :
a. wungu + -an = wunguan ----- wungon
b. bali + -an = balian ----- balen
c. gedhe +-an = gedhean ----- gedhen
d. kilo + -an = kiloan ----- kilon
kanthi tuladha ing nduwur mau mula ora kena diarani manawa swara sing panambang -an luluh dadi siji karo swara wekasane linggane.
Tegese panambang -an
Panambang -an sing rumaket ing tembung lingga bisa nduweni teges :
1. Papan utawa panggonan tuladha lapngan, sekolahan, gurbernuran
2. piranti kanggo tuladha saringan, sampiran, timbangan
3. kaanan/watak tuladha aleman, geleman, tegelan
4. Memper tuladha gunungan, wajan, kuningan
5. nganggo tuladha klamben, kemulan, sarungan
6. Sawise tuldaha rampungan, bubaran, kenggonan
7. Genten nindakake tuladha tabokan, jiwitan, jotosan
Latian
Mangsuli pitakon
kepriye pangrimbage tembung sing digaris ngisor ukara-ukara ing ngisor iki lan terangna panambang -an sing rumaket!
1. Ing gubernuran dianakake lomba pidhato.
Gubernuran :
Tegese :
2. Tukua timbangan menyang toko wesi ngarep Spega!
Timbangan :
Tegese :
3. Bocah-bocah Spega rebutan bal ana ing plataran basket.
Rebutan :
Tegese :
4. Rampungan sinau bocah-bocah banjur nata paturon saperlu leren.
Paturon :
Tegese :
5. Yen wektu iki gedhen akeh wong sing padha ngantri.
Gedhen :
Tegese :
6. Anggone ngedol dagangane ora oprokan nanging kilon.
Kilon :
Tegese :
7. Adhiku digawekake gantungan klambi.
Gantungan :
Tegese :
8. Sawarnane panganan wis dicawisake kanggo para tamu.
Panganan :
Tegese :
9. Sawise ki Dhalang nglakokake gunungan para pamirsa padha nyedhaki kelir.
Gunungan :
Tegese :
10. Tulisan kuwi apik maneh yen digawe kandel tipis.
Tulisan :
Tegese :


materi panambang an sangat lah kerennn
BalasHapusMateri penambangan sangat gampang disini dijelaskan dengan rinci dan jelas
HapusMateri panambang sangat menyenangkan Dan mudah dipahami
BalasHapusmateri sangat mudah dimengerti
BalasHapusmudah dipahami, penjelasan rinci
BalasHapusmateri nya sangat keren
BalasHapusmaterinya mudah dipahami dan seru
BalasHapusMateri panambang-an mudah dipahami
BalasHapusmudah dipahami,
BalasHapusbahasa yang digunakan mudah dikenal, materi cukup singkat sehingga mudah untuk dipahami para pelajar
BalasHapusmateri ne gampang lan mudah dipahami
BalasHapusmateri mudah di pahami dan jelas
BalasHapusmateri panambang -an mudah tetapi sedikit sulit ketika kita disuruh untuk mencari artinya
BalasHapussaya merasa kurang paham dalam materi panambah-an bagian tegese karena saya merasa kesulitan.
BalasHapusmenurut saya materi bahasa jawa kali ini sangat lah mudah di pahami
BalasHapusMantap
BalasHapusMantap
BalasHapus