Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI TEMBANG PANGKUR KELAS VII

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...selamat pagi, salam sehat selalu untuk para siswa Spega kelas VII. Minggu ini, pertemuan ke-6 materi Tembang Macapat khususnya Tembang Pangkur. Silahkan kalian membaca materi di bawah ini, kemudian di lanjutkan membaca buku paket Wulangan ke 2 Halaman 20-28 Langkah Pasinaon bab Tembang Pangkur kang wujude ada 17 pada. Setelah itu kalian mengerjakan tugas pada link di bawah materi ini:

Tembang Macapat

Macapat iku asale saka tembung maca pat, maca papat, ana kang negesi pamacane papat-papat. Tembang macapat iku cacahe ana 11 yaiku mijil, kinanthi, maskumambang, sinom, asmaranda, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung kawengku dening guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
1. Guru gatra yaiku cacahing larik ing tembang macapat.
2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda utawa pakecapan saben sagatra/salarik/sabaris.
3. Guru Lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhing ing pungkasaning gatra/larik.
4. Pada yaiku kumpulaning gatra saben satembang.
5. Pupuh yaiku kumpulaning pada (bait) kang tembange isih padha.


Tembang Pangkur

Tembang Pangkur isine bab tata krama tartamtu cocog banget kanggo para siswa sing lagi golek ngelmu ing sekolah. Menawa bisa diugemi lan ditiru dening para siswa, ajaran utawa piwulang kang ana ing tembang oangkur kasebut wiwit biyen nganti saiki isih cocog

Tuladha Tembang Pangkur






Terjemahan 
Wewarah/piwulang iki kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan. saben dinane aja padha nglalekake tata krama. 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Nasihat ini dimuat dalam tembang pangkur. Seyogianya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui. Pahami pula adat dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata krama tersebut.

Tuladha 2 
Deduga lawan prayoga
Myang watara reringa aywa lali
Iku parabot satuhu 
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra
Duga-duga nora lali.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Aja padha nglalekake, akeh sithik padha jubriya (curiga) amarga iki kabeh ora kena dilalekake, embuh iku nalika isih melek, lungguhan, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong, lan nalika turu (kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran)


Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

2 komentar untuk "MATERI TEMBANG PANGKUR KELAS VII"

  1. Terbang pangkur adalah tembang yang asyik didengar dan saya suka menyanyikan tembang pangkur

    BalasHapus
  2. Aku suka sekali sama tembang pangkur harus dijaga sampai kapan pun

    BalasHapus