Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembung Lingga lan Tembung Andahan

1. Tembung Lingga ( kata dasar )
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale. Tembung lingga bisa uga diarani tembung kang durung oleh lan durung rinaketan wuwuhan apa-apa. Wuwuhan iku bisa arupa ater - ater ( awalan ), seselan (sisipan), utawa panambang (akhiran ), Tuladhane tembung lingga: tuku, dina, lan gelar.


2. Tembung Andahan ( kata jadian )
Tembung andahan yaiku tembung kang wis oleh wuwuhan. Tembung andahan bisa uga diarani tembung kang wis uwah saka asal utawa linggane. Tegese tembung andhahan kasebut karacik saka maneka wuwuhan kang ana, bisa awujud ater-ater, seselan, lan panambang.

Tuladhane, gatekna penjelasan ing ngirsor iki.

Kraton Surakarta ajek nggelar acare grebek saben tahun, yaiku Grebeg Sura, Grebek Sawal, lan Grebek Mulud
Tembung nggelar diarani andhahan sebab asale saka tembung lingga gelar oleh ater ater (a)ng-

Perlu dimangerteni menawa tembung andhahan iku mbutuhake wuwuhan. Wuwuhan diperang dadi telu, yaiku ater ater, seselan, lan panambang

Ater - ater iku wuwuhan kang manggone ana sangarepe tembung lingga. Jenise ater-ater: dak-, kok-, di-
Seselan iku wuwuhan kang manggone ana satengahe tembung lingga, jinise: -um-, -in-,
Panambang iku wuwuhan kang manggone ana samburine tembung lingga, jinise: -ake, -na, aken, -i.

Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

Posting Komentar untuk "Tembung Lingga lan Tembung Andahan"