Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Serat Wulangreh (Pupuh Kinanthi)

Sekar Kinanthi
Serat wulangreh mligine pupuh kinanthi, isine bab cara srawung utawa milih kanca. Kanca kang becik lan kanca kang ala kang migunani marang manungsa saengga manungsa bisa mbedakake prakara kang ala lan becik. Manawa manungsa anggone milih kanca sembarang, prasasat bakal rugi tembe mburine. Ing serat iki, diandharake kanca bisa nggawa berkah bisa uga nggawa cilaka. Menawa cilaka bakal awake dewe sing rugi. Menawa rugi bakal nelangsa saklawase urip. Mumpung kabeh iki durung kelakon, mulane tansah ngati ati lan waspada.

Kajaba wanti-wanti marang kanca, serat wulangreh pupuh kinanthi uga maringi pituduh, menawa anak kudu ngajeni marang wong tuwane loro kang nggulawenthah wiwit cilik nganti saiki. Anggone bekti marang wong tuwane ora mung lair nanging uga tumusing batin.

Tembang kinanthi duweni watak utawa sipat seneng, asih, lan tresna. Tembang kinanthi ana 16 pada, tembang iki cocog kanggo maringi gambaran utawa kahanan kang samesthine dumadi ing tengahing bebrayan Agung.

Filsafat Adi Luhung
Filsafat adi luhung kang mapan ing pupuh kinanthi ora mung kanggo bocah enom nanging bisa kanggo umum kalebu wong tuwa. Pitutur luhur tembang kinanthi kasebut bisa diandharake ing ngisor iki.
1. Pitutur ing dhuwur ditulis sajroning pupuh Kinanthi. Menawa di tlesih, kinanthi iku saka tembung kanthi, kekanten, dikanthi tegese digendhong, dibimbing, diajari mlaku dening wong tuwa.
2. Pupuh kinanthi dumadi saka 16 pada. Pada 1 lan 2, diandharake kanthi cetha pesen kang kudu dilakoni yaiku supaya padha "nggegulang kalbu" supaya "lantip" lan "laku mesu sarira" kanthi cara ngurangi mangan, ngombe, turu, ora boros, prasaja sandhang penganggone, kang kabeh iki kudu dilakoni sadurunge dheweke ngancik dewasa.
3. Pada ka-5 lan 6 isine pesen marang para nom-noman supaya ora srawung karo wong sing jahat lan ala kelakuane.
4. Pada ka-8 lan 9 isine menehi pitutur luhur lan ngandharake manawa nom-noman umume padha ngedohi wong apik/becik lan nyedhaki wong kang tindak tanduke kurang prayoga.
5. Pada ka-11 nganti 13 menehi andharan manawa nom-noman kudu akeh srawung karo wong kang luwih tuwa, kanthi ancas tujuan supaya bocah nom oleh ngelmu bab tindak tanduk lan tata krama.
6. Pada 16 isine pesen lan wanti-wanti marang kira supaya tetep bekti marang wong tuwa kekarone embuh iku isih gesang apa dene wis seda.
7. Kanthi umum, pupuh kinanthi isine, wong enom kang "dikanthi" utawa dimong dening wong tuwane ing madyaning bebrayan. Di kanthi karo ajaran "laku" kang bener, diajari katakter budi pekerti, sapa kang kudu didohi lan sapa sing kudu dicedhaki, lan kudu bekti marang wong tuwa kekaro.

Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

1 komentar untuk "Serat Wulangreh (Pupuh Kinanthi)"

  1. 8 Casino Way, Riverside, CA, 92082 - Mapyro
    The casino 하남 출장안마 is owned by Caesars Entertainment Inc., which operates a casino in the city 경주 출장마사지 of Riverside. 영주 출장샵 With 8 Casino Way, you'll be 충주 출장안마 closest to 거제 출장안마

    BalasHapus