Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

TEKS DESKRIPSI





Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...sugeng pepanggihan maleh wonten pasinaon basa jawi pertemuan 2 wonten ing semester 2 tahun pelajaran 2020/2021. Minggu menika taksih bahas bab teks deskripsi, sumangga di waos materi wonten ngandhap menika.

Teks Deskripsi
Teks deskripsi yaiku paparan sing gagasan utamane diandharake kanti cara aweh gambaran kang cetha tumraping objek utawa panggonan utawa prastawa kang lagi gayeng dirembug, saengga kang maca kaya kaya ngrasakake langsung jumbuh karo andharan teks kasebut.

Titikane/ciri-ciri teks deskripsi
1. Teks deskripsi ngandharake samubarang kanthi cetha.
2. Ngenani langsung marang inderaning manungsa.
3. Nalika maca teks deskripsi kang padha maca kaya-kaya ngrasakake langsung kaya sing lagi diwaca
4. Teks deskripsi ngandharake titikaning fisik, objek kanthi rinci.

Langkah-langkah gawe teks deskripsi
1. Nemtokake tema (objek sing arep dirembug)
2. Nemtokake tujuan
3. Ngumpulake data lan niti priksa langsung marang objek sing arep diandharake.
4. Sawise data kumpul digawe kerangka utawa cengkorongan karangan.
5. Kerangka utawa cengkorongan karangan dingrembakake dadi karangan kang gumathok jumbuh karo objek kang dititi priksa.

Kaidah kebahasaan teks deskripsi
1. Nggunakake tembung aran/kata benda jumbuh karo topik. Kayata sekolah, omah, guruku, kancaku
2. Migunakake frasa sing ngemu surasa tembung aran. Tuladha dheweke kanca kang apik tenan.
3. Migunakake tembung sipat, kahanan sing sipate ngandharake.
4. Ngemu tembung katrangan kanggo menehi katrangan utawa informasi tambahan ngenani objek tuladha ing kantin, ing omah, cepet banget.

Tuladha teks deskripsi
Upacara kebo-kebonan
Masyarakat Jawa saperangan gedhe uripe dadi tani lan buruh tani. Saben dina bisane mung lunga menyang sawah. Wiwit esuk nganti awan nembe bali. Mengko awan menyang sawah maneh nganti sore. Mangkono dilakoni saben dina kanthi senenging ati. Luwih-luwih manawa mangsa nandur jagung, palawija lan nandur pari, para tani guyub rukun nyambut gawe. Anggone nyambut gawe sregep ing pangarep-arep bisa oleh ulu pametu kang akeh. Menawa ulu pametune akeh bisa kanggo nyukupi kabutuhan kulawargane.

Masyarakat Jawa kang saperangan gedhe nyambut gawe tani lan buruh tani duweni tradisi unik kang ora bisa dipadhani karo wobg liya. Tradisi unik kang dimaksud upacara kebo-kebonan.

Tujuane upacara kebo-kebonan yaiku kanggo nulak balak tanduran supaya bisa panen kanthi apik, mulane wong-wong padha nganakake upacara kebo-kebonan. Upacara iki paragane kabeh manungsa kang cacahe ana 30 wong, dandane persis kaya kebo mawa sungu lan diarak mubeng kampung. Wong-wong kang cacahe telung puluh mau, mlakune nirokake mlakune kebo lan diarak mubeng kampung, persis kaya kebo kang lagi dienggo mluku ing sawah.



Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

2 komentar untuk "TEKS DESKRIPSI"