Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Memahami Cerita Rakyat PJJ ke-7 Kelas VII

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...sugeng enjang anak-anak, pasinaon minggu niki bab memahami cerita rakyat wulangan 3 buku paket kaca 40-44.

Crita Rakyat
1. Crita rakyat yaiku crita kang nyritakake kedadeyan kanthi turun tumurun lan di pracaya dening masyarakat wiwit nenek moyang lan panguripan biyen nganti saiki. Mligine wong asli saka tanah jawa, crita rakyat sing kaya mangkene adat saben di gathuk-gathukake karo adat, budaya lan agama.

2. Ciri-ciri Crita Rakyat
Yaiku asale saka masyarakat lan ngrembaka utawa berkembang ing masyarakat kasebut.
A. Jenenge pengarang ora ditampilake
B. Critane ora lewat tulisan ananging ngrembaka lewat crita nenek moyang (dari mulut ke mulut)
C. Crita rakyat sifate tradisional.
D. Critane bab nilai-nilai luhur

3. Jenise Crita Rakyat
A. Fabel yaiku crita rakyat kang paraga utawa tokoh kasebut arupa kewan ananging kaya manungsa.
Tuladha : si kancil kang cerdik
B. Mite yaiku crita rakyat bab Dewa Dewi bisa uga kang asifat sakral lan mistis.
Tuladha : Nyi Rara Kidul
C. Legenda yaiku crita kang isine bab asal usule papan panggonan kasebut.
Tuladha : Tangkuban Perahu
D. Sage yaiku crita rakyat kang isine duweni kandungan unsur sejarah.
Tuladha : Rara Jonggrang, candhi Gedhong sanga
E. Epos yaiku crita rakyat kang umume nyritakake bab perjuangan utawa pahlawan.
Tuladha : Mahabarata, Ramayana
F. Crita jenaka yaiku crita kang paraga duweni watak kang lucu.
Tuladha : crita si kabayan.

Tuladha Crita Rakyat

TIMUN MAS

Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing urip dewe ora ana putra lan sedulur. Amarga urip dewe mau Mbok Randha kepengin kagungan putra. Saben dina Mbok Randha donga rina lan wengi ing ngarsane Gusti Alloh supaya diapringi putra. Dheweke yakin menawa panjaluke bakal dikabulake dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok Randha anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sak cedhake kono. Buta ijo banjur nyeluk Mbok randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni ana buta ijo ing ngarepe.

Buta ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi putra. Buta ijo lan Mbok Randha nganakake perjanjen. Mbok Randha bungah atine krungu kandhane buta ijo kuwi mau nyaguhi kabeh penjaluke buta ijo menawa diparingi putra tenan.

Panjaluke buta ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk arep dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure buta ijo iku menehi wiji timun sing kudu ditandur Mbok Randha. Sak wise buta ijo kuwi mau lunga, mbok Randha nandur wiji timun iku ana ing kebon. 
........................
Dilanjut maca buku paket kelas VII kaca 40 crita Timun Mas.


Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

Posting Komentar untuk "Memahami Cerita Rakyat PJJ ke-7 Kelas VII"