Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Nilai Luhur Utawa Nilai Karakter ( Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VIII SMPN 3 Ungaran)

Miturut Kemendikdas (2010 : 11) nilai karakter ana 18 kang diarani pilar nilai karakter. Nilai karakter kasebut mujudake nilai luhur bangsa Indhonesia kang kudu ginayuh dening para siswa SMP. Wolulas nilai luhur kasebut wujude kapacak ing ngisor iki yaiku :
1. Religius
2. Jujur
3. Toleransi
4. Disiplin
5. Kerja keras
6. Kreatif
7. Mandiri
8. Demokratis
9. Rasa ingin tahu
10. Semangat kebangsaan
11. Cinta tanah air
12. Menghargai prestasi
13. Bersahabat atau komunikatif
14. Cinta damai
15. Gemar menyimak
16. Peduli lingkungan
17. Peduli sosial
18. Tanggung jawab

Kajaba nilai luhur kang kapacak ing 18 pilar nilai pendidikan karakter kasebut, isih ana maneh nilai luhur kang patut dituladha dening siswa SMP, umpama :

1. Dadi wong ora gemedhe/adigang, adigung, adiguna
2. Dadi wong tansah ngajeni liyan, sumanak, rumaket, tepa slira
3. Dadi manungsa aja kedanan drajat lan pangkat
4. Dadi wong kudu nglembah manah marang sapadha-padha
5. Dadi manungsa kudu gemi setiti ngati-ati
6. Dadi manungsa aja ngaji pupung/mumpung
7. Manungsa iku aja dumeh

isih akeh maneh ajaran luhur kang diparingake dening leluhur marang kita mligine wong Jawa, amarga wong jawa kawentar duweni karakter, jati dhiri kang agung lan adi luhung kagungane para leluhur wiwit biyen.


Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

Posting Komentar untuk "Nilai Luhur Utawa Nilai Karakter ( Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VIII SMPN 3 Ungaran)"