Unggah-ungguh Basa (Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VII SMPN 3 UNGARAN)
Unggah-ungguh basa utawa undha-usuking basa utawa tingkatan tutur bahasa minangka dadi peranganing kabudayaan kang ana ing Indonesia, mligine suku Jawa, Sunda lan Bali. unggah-ungguh basa Jawa diperang dadi 2 yaiku basa ngoko lan basa krama.
Basa ngoko diperang maneh dadi ngoko lugu lan ngoko alus. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge ngoko lan netral tanpa kecampuran krama. dene Basa ngoko alus yaiku basa kang nggunakake tembung-tembung ngoko lan netral kecampuran tembung krama inggil kanggo wong kang perlu diajeni.
Basa krama yaiku basa kang tembunge nggunakake tembung krama lan netral tanpa kacampuran krama inggil. Basa krama uga diarani basa urmat mligine marang wong kang durung tepang (kenal), ngomong marang wong kang luwih tuwa lan perlu diajeni.
Basa krama alus yaiku basa kang tembung-tembunge kedadean saka tembung krama, netral, lan krama inggil. Tembung krama inggil ing tataran basa minangka tembung kang dhuwur dhewe. umpamane ngoko lunga basa kramane kesah lan krama inggile tindak.
Tuladha unggah-ungguh basa ana ing ngisor iki :
Ngoko
|
Krama
|
Krama Inggil
|
ayo
|
monggo
|
suwawi
|
cangkem
|
lesan
|
tutuk
|
jaga
|
jagi
|
reksa
|
karep
|
kajeng
|
kersa
|
geni
|
latu
|
Grama/brama
|
dheweke
|
piyambakipun
|
panjenenganipun
|
mari
|
Mantun, saras
|
dhangan
|
nesu
|
srengen
|
duka
|
ngerti
|
ngertos
|
priksa
|
lunga
|
kesah
|
tindak
|
lara
|
sakit
|
gerah
|
tuas
|
sepuh
|
yuswa
|
turu
|
tilem
|
sare
|
Posting Komentar untuk "Unggah-ungguh Basa (Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VII SMPN 3 UNGARAN)"