Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Jenise Tembung (Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VIII SMPN 3 UNGARAN)


Miturut Aristoteles, ahli Basa saka Yunani, jinise tembung kaperang dadi 10 (sepuluh) yaiku :

1. Tembung Aran

Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku kang mretelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang.
Tuladha : kapur, meja, omah, gunung, dhuwit, bis, sepedha

2. Tembung Kriya

tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mretelakake solah bawa utawa tandang gawe,
Tuladha : nandur, njupuk, mbalang, nulisi, nggawakake

3. Tembung Sifat

Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) uga diarani tembung kaanan yaiku tembung kang bisa mretalake watak utawa kahanane sawijining barang utawa bab.
Tuladha : bagus, dhuwur, ayu, tentrem, alon, bunder, alon



4. Tembung Katrangan

Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbia) yaiku tembung kang aweh keterangan marang tembung liya.
Tuladha : padha, mung, ameh, dudu, dhong-dhong

5. Tembung Sesulih

Tembung sesulih utawa kata ganti (pronomina) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih wong, barang utawa apa wae kang dianggep barang.
Tuladha : aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, sapa, kang, sing

6. Tembung Wilangan

Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakake gunggunge barang.
Tuladha : satus, sithik, pirang-pirang, seprapat, sajodho

7. Tembung Panggandheng

Tembung panggandheng utawa kata sambung(kanjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngandhengake ukara siji lan ukara liyane utawa tembung siji lan tembung liyane.
Tuladha : dene, ewadene, lan, karo, mulane, sebab

8. Tembung Ancer-ancer
Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-nganceri tembung aran (kata benda) lan mapane tansah ana sangarepe tembung aran lan sifat.
Tuladha : saka, ing, menyang, dhateng, marang

9. Tembung Panyilah
Tembung panyilah utawa kata sandang (artikula) yaiku tembung kang kanggo nyilahake patrap, barang utawa sawijining barang.
Tuladha : si, sang, para, ingkang

10. Tembung Panyeru (panguwuh)
Tembung panyeru (panguwuh) utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarkae wedharing rasa pangrasa (seneng, sedhih, nggumun, kesel, kuciwa



Tri Rahmawati
Tri Rahmawati Seorang Guru yang Aktif Menulis sejak 2011

2 komentar untuk "Jenise Tembung (Materi Pembelajaran Jarak Jauh Mapel Bahasa Jawa Kelas VIII SMPN 3 UNGARAN)"

  1. -Ukara basaJawa utawa tembung basaJawa iku kanyoto kudu bisa milah-milah anggone matrap ke kang pas karo apa sing ditujoake supoyo genah arahe utowo kang di karepke.
    -Saben tembung basa duwe pangerten kang bedo bedo saenggo bisa diponto-ponto jenis jenis tembunge kang miturut ana 10 kuwi mau
    -Basa Jawa duwe tingkatan yaiku basa Jawa ngoko (kasar) lan basa Jawa krama (alus), basa jawa ngoko kanggo omong omong karo wong biasa lan basa Jawa krama kanggo omong-omong antarane wong nom karo wong tuwo.
    -Jaman saiki sinaoso wong Jawa tapi akeh sing ora bisa basa Jawa merga sing kurang nang ngomah, tonggo teparo lam sopo nunggalane mawi basa nominal (Indonesia) kabeh.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nama:Muhammad Artha Nugraha
      Kelas8H
      No. : 23

      Hapus