Dalan Bandungan
Ana ing dalan iki dadi seksi
Minangka lara ana ing ati
Dalan kang anane munggah mudhun
Lan menggak-menggok
Dadi perihe swara saka ragaku ....
Panasing sang bagaskara dadi kanca saben dina
Ademing samirana dadi pengangen ing rasa
Gemrojoking banyu udan nelesi raga
Dalan bandungan .....
Saben dina tak tilasi
Esuk aku mangkat, dene sorene aku bali
Sakjangkah...rongjangkah
Rasane .... melas ana ing ati
Ananging aku kudu nglakoni
Lelakon uripku iki ....
Kanggo gethok tularake kawruh marang siswaku
Dalan bandungan ...
Sanajan seseg lan ampeg dadaku
Nanging aku kudu ngesuk tresna
Marang dalan iku....dalan bandungan
Minangka lara ana ing ati
Dalan kang anane munggah mudhun
Lan menggak-menggok
Dadi perihe swara saka ragaku ....
Panasing sang bagaskara dadi kanca saben dina
Ademing samirana dadi pengangen ing rasa
Gemrojoking banyu udan nelesi raga
Dalan bandungan .....
Saben dina tak tilasi
Esuk aku mangkat, dene sorene aku bali
Sakjangkah...rongjangkah
Rasane .... melas ana ing ati
Ananging aku kudu nglakoni
Lelakon uripku iki ....
Kanggo gethok tularake kawruh marang siswaku
Dalan bandungan ...
Sanajan seseg lan ampeg dadaku
Nanging aku kudu ngesuk tresna
Marang dalan iku....dalan bandungan
Posting Komentar untuk "Dalan Bandungan"